KPKA301

Dari Kidung

KPKA301: Pandonga Kangge Panganten

1

Mugi Gusti mberkahi panganten puniki,
tulus asih sinihan dumugeng delahan.

2

Mugi Paduka tuntun salamining gesangnya,
temahan tansah rukun sumanak srawungnya.

3

Mugi Paduka kanthi mrih kekah lan teguh,
kasagedna ngrampungi bebaya pakewuh.

4

Mugi Gusti ngrimati temah kacekapan,
sami watek berbudi bekti mring Pangeran.

Cari videonya:
Pandonga Kangge Panganten