KPKA132

Dari Kidung

KPKA132: Kabegjaning Tiyang Kristen

1

Samangkya kita merdika uwal sing rehing dosa
ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami

Reff:

mung kraharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang
tinebus Sang Kristus Gusti kula sinung basuki.

2

Mangkya kita titah anyar nyingkur kadonyan tansah
budi luhur, andhap asor leladi trus ing manah,
Reff:

3

Mangkya kita putreng Allah tansah nglantarken berkah
mbelani tyang kang sangsara ngrimat tyang kang cilaka,
Reff:

4

Mangkya kita Umat Kristen kang tansah ndherek Gusti
Injil suci winartosken srana katresnan yekti,
Reff:

Cari videonya:
Kabegjaning Tiyang Kristen