1
|
Adhuh Gusti kula sestu ngorong berkah Paduka
yeku kang ngayemken kalbu mugi mberkahi kula
nggih kula, nggih kula mugi mberkahi kula
|
|
2
|
Mugi sampun anglangkungi dhateng kula dhuh Rama
mrih kula luwar sing pati mugi mlasi mring kula
nggih kula, nggih kula mugi mlasi mring kula.
|
3
|
Sampun anglangkungi kula dhuh Pamarta kang setya
mrih kula unggul sing dosa mugi nimbali kula
nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula.
|
4
|
Dhuh Roh Suci, mugi sampun anglangkungi mring kula
mrih gesang anyar lestantun mugi madhangi kula
nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula.
|
4
|
Dhuh Pangen, sampun alangkung ngengetana mring kula
mrih kula tansah raharja mugi mberkahi kula
nggih, kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.
|