KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari

Daftar isi

Daftar Isi KPKA (Kidung Pasamuan Kristen Anyar)

Daftar Lagu Kidung Pasamuan Kristen Anyar

No.JudulBait 1Reffrain
1 Allah Maha Kwasa

Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti
tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali
yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji.

ꦧꦸꦩꦶ​ꦢꦭꦃ​ꦱꦲꦶꦱꦶꦚ​ꦏꦁ​ꦤꦶꦠꦃꦏꦼꦤ꧀​ꦪꦼꦏꦸ​ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦠꦶꦤꦊꦱꦤ꧀​ꦱꦿꦤ​ꦱꦩꦺꦴꦢꦿ​ꦠꦸꦩꦸꦩ꧀ꦥꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦭꦶ​ꦏꦭꦶ
ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦄꦭ꧀ꦭꦃ​ꦩꦲ​ꦏ꧀ꦮꦱ​ꦪꦺꦴꦒꦾ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦥꦶꦤꦸꦗꦶ​ꦥꦸꦗꦶ꧉​

2 Allah Mbabarken Kwasanya

Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan kasirnakna lir lilin kenging brama,
nging gung tyang mursid raharja memuji lan sukarena ngarseng Allah Ma mulya,
Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara
ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja
dene tyang wangkot mbalela siniksa bebendunya.

3 Gusti Allah Andel-Andel Sejati

Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah
slawase sinungan umur luhurna srana masmur
krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran.

4 Haleluya

Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
pinujia asmanya dalah aneng akasa,
wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan ing bumi.

5 Pamuji Konjuk Gusti

Pinuji puji Gusti kang nitahken jagad raya
Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya,
Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya

6 Pamuji Ing Pangibadah

Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya
pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.

7 Puji Konjuk Allah

Puji konjuk Allah Rama puji konjuk Sang Putra
puji konjuk Sang Roh Suci Juru slamet sejati,
Haleluya, Haleluya Juru slamet sejati.

8 Allah Maasih

Allah Maasih asung putranya Allah Maasih mring manungsa.
mila kula ngidung Allah Maasih Allah Ma asih mring manungsa.

9 Pamuji Konjuk Allah Ma Agung

Puji sokur lan panggunggung konjuk mring Hyang Ma agung
kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya
makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran
jagad tentrem lan raharja lamun manut pangrehnya

10 Allahe Para Pracaya

Allahe para pracaya ing sadhengah jaman,
yeku pangauban kita tuking kasampurnan.

11 Sih Kawelasanipun Allah

Kula sami kekempalan memuji dhateng Allah
kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah.

12 Yesus Sang Pangen Sejati

Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya
dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya.

13 Aku Duwe Pamarta

Aku duwe Pamarta Yesus Kristus asmanya
kang wus ngurbanken sarira ngruwat aku sing dosa,

duwekku duwekku Gusti Yesus Pamartaku dak puji trusing kalbu.

14 Allah Maha Suci

Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja,
suci suci suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya.

15 Panggunggung Mring Pangeran

Dhuh Pangeran Yehuwah kula ngaturken sembah
klayan bingah ing driya nggunggung Asma Paduka
kang Ma luhur Ma mulya Gustining makluk samya.

16 Puji Mring Allah Kang Maha Wisesa

Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa
muji ramya binarung lan sawernining gangsa
pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.

17 Pamuji Konjuk Mring Allah

Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya
wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga
nenanem panenan uga alam runtut tinata.

18 Sih Kamirahanipun Allah

Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa
sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra
tinebus Sang Kristus Gusti gesang anyar sayekti
nindakna pakarti luhur yeku tandhaning sokur.

19 Angluhurken Allah

Swawi sami muji Allah Pangeran Maha wlas
Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas
Rinten dalu datan kendhat tansah njangkung mring pra umat
swawi muji Kang Murbeng rat Pangeran Maha wlas

20 Panggunggung Konjuk Mring Pangeran

Pangeran Ma mulya yogya kula puja
dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula
datan wonten timbangannya tan kendat lumintunya
Pangeran Ma mulya, yogya pinuja, (2X)..

21 Palimirmanipun Allah

Gusti kula ingkang wontening swarga
pinujia Paduka ing slaminya
sestu agung sih palimirmanta
haleluya, Haleluya

22 Kasampurnanipun Gusti

Kula nggunggung-nggunggung Gusti
sesembahan kula sejati, tanpa cela sestu suci,
sabdanya dados panutan, tindaknya dados patuladhan,
tyang ngupados kayektosan
suyud mring Sang Rama, nglabuhi manungsa,
wit tresnanya trusing driya tulusnyata, rila ngurbanken sriranya.

23 Tansah Saos Sokur Mring Gusti

Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi,
sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi,
abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya,
wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.

24 Panggunggung Konjuk Mring Gusti

Swawi prakanca kang sami pracaya
Den sora sora angalembana
mring Gusti kita kang Maha wilasa.

25 Ngabekti Mring Gusti

Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati
sami ngabekti memuji mring Gusti
Ajrih sumelang sedhih lan kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangeran.

26 Puji Panuwun

Sumangga prakanca marek ngarsaning Gus ti
anggunggung asmanya wit sihe kang sejati
de krana Kang Putra ki ta tansah begja
siyang dalah ratri Gusti kang ngrimati

27 Asmane Gusti Kula

Neng kasa ngumandhang asma sajuga
Kang anepangaken jagad lan swarga
datan wonten asma kados punika
kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa
napa sami dereng wanuh
yeku Gusti Yesus Kristus asmane.

28 Sowan Mring Gusti

Sumangga sowan Gusti, Haleluya, srana kidung pamuji, Haleluya.

29 Kamulyanipun Gusti

Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing akasa ku la ngungun gunging kamulyanta

nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.

30 Pujinen Hyang Makwasa

He pratitah sadarum samya ngrepekna kidung
konjuk Hyang Makwa sa kang gunging sih susetya Haleluya, Haleluya.

31 Pinujia Allah

Pi nujia tansah Allah Mamirah kang gung tresnanira mring salir titah
tyang dosa dura ka sinung apura ti nebus sing pati temah basuki

luhurna mulyakna Gusti Sang Pamarta luhurna mulyakna Pangruwating dosa
pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja.

32 Sembah Bekti Konjuk Gusti

Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti
kang mberkahi grejanya temah tansah begja
Injil kratoning Allah ingundhangken sumrambah
asmanya kamulyakna dening sagung bangsa.

33 Sawernaning Puji

Sawernaning puji kanthi trusing ati mring Allah kang Maha mirah
dening sagunging tumitah wit tansah rinoban berkah.

34 Sung Sembah Puja

Allah Kang Ma kwasa yekti gung tresnanya jumeneng Pamarta kang ngruwat dosa
salir tyang pracaya luwar sing antaka lamun tansah setya mlebet mring swarga.

sung sembah puja konjuk Sang Rama kang paring nugraha tentrem raharja
sung sembah bekti konjuk mring Gusti kang paring basuki nggih gesang yekti.

35 Kamirahaning Gusti

Puji konjuk Allah Kang Maha mirah
ing rinten dalah ratri nggih tansah ngganjar berkah
mring tyang mursid wah mursal tan ana kang ketriwal

36 Gusti Rawuha

Mugi rawuha dhuh Rama mugi rawuha dhuh Rama
mugi rawuha dhuh Rama dhuh Rama rawuha.

37 Panggunggung Wit Sihing Gusti

Kula samya tetunggilan ngabekti mring Pangeran
wit sinungan kacekapan wah bagas kesarasan

ku la tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti
wit ingayom ing sihira sestu tentrem raharja

38 Haleluya Puji Gusti

Pinuji Gusti kang nitahken jagad siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.

Haleluya sagung puji tansah konjuk Gusti Haleluya sagung bekti mring ratu swargi.

39 Kamulyaning Pangeran

Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Magung
wah akasa mratelakken yasaning astanipun
rinten dalu tan kendhat wartanya ngebeki rat.

40 Yehuwah Allah Kula

Sang Yehuwah yeku Allah kula
karsa anglanting tangan kawula
ses tu Allah dados karosan kula
mila tansah kawula tresnani.

41 Nyuwun Pangapura

Dhuh Yehuwah nyawa kula ngantos antos Pangeran,
kawula kaluwarana sing tyang remen mengsahan,
wah katedahna margi bebener Paduka Gusti,
mung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja.

42 Pamratobat Sing Dosa

Dhuh Allah, Rama, ngluberna sih mirma,
kawula nglenggana gunging dosa kula,
Gusti Ma kwasa, nyuwun apura, temah gesang nyata

43 Nyuwun Enggaling Manah

Gusti kula sestu nalangsa, awit asring mbalela,
damel sekel galih Paduka, kelu ombyaking donya,

.

44 Gusti Niimbali Sira

Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu,
mbokya ngungsia mring Gusti mesthi kinarya suci.

Gusti nimbali sira rungokna ta sabdaNya, pasraha jiwa raga.

45 Gusti Anganti Sira

Gusti angantya sira wong dosa, arum ing wacana umareka,
nyuwuna luwar lan linipura, mareka, saosna ati nira,

lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe,mareka mring Gusti.

46 Panelangsa

Wit sing kathah dosa kula mila tansah kemengan
Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan.

47 Gusti Pangungsen Kula

Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan
kula mlajeng mring pundi namung dhateng Pangeran
nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula
sing sagung karibedan dimen pulih lejara.

48 Nyuwun Suci Saestu

Dhuh Pangluwar sejati myarsakna pasambat kula
Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya.

Gusti mugirah Paduka nucekken manah kawula
temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu.
Suci sestu suci sestu
temah suci saestu wah sirna najis ing kalbu

49 Bingah Wonten Sihing Allah

Sihing Allah kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula
yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa,
mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri.

50 Kula Keduwung

Saestu keduwung kula dene kirang setya
dhinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sami,
nging tan ana buk ti adhuh Gusti nyuwun suci.

51 Gusti Pananggel Kula

Aku wong kang dosa, ngungsi maring Gusti
temahan den sucekna, wit rahe kang suci

Sang Kristus Gusti, Panebus yekti,
nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur

52 Nyuwun Suci

Kang najis ndlarung ing dosa tinampik mring swarga
Allah tan sudi mirsani sabarang kang nistha,

nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

53 Aneng Ngarsane Gusti

Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti..

54 Nyuwun Aksama

Dhuh Gusti kang Mawilasa mugi paring aksama
kula getun de klepatan nglawan dhateng Pangeran
nglirwakken dhawuh Paduka manut hardaning dosa
temah tan ngraosken tentrem tebih sin gesang langgeng

55 Kristus Margining Pangluwaran

Pundi margi rehing pati tan misesa mring kula
kwasanira sarta wohnya damel gesang sangsara,

marginira mung sajuga Kristus Gusti Ma suci,
wit pracaya mring asmanya kula gesang sanyata.

56 Karahayone Wong Mursid

Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur pangangene wong duraka
lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane,
nanging karem mring sabdaning Allah rina wengi den gilut ing manah.

57 Kang Karoban Ing Begja

Para bangsa samya ngraman nggrangsang mring Pangeran.
gung pakarti nira muspra nggih nggadhang antaka.

58 Rineksa Ing Allah Nadyan Sinatru Tyang Duraka

Dhuh Pangeran Allah tyang duraka kathah nyatur mengsahi kula
memoyoki tansah ngarah kula pejah srana salir piala
nging Paduka Gusti pangayoman yekti tuking kamulyan adi
wit gunging sih rahmat myarsakken pasambat pandonganuig pra umat.

59 Nyuwun Luwar Sing Karupekan

Dhuh Allah kang Ma suci mugi Gusti melasi
sampun ngukum kula merdi klayan bramantya
nging enggal den entasna sing sisah sangsara.

60 Allah Pangen Kula

Allah yeku pangen kula kang gung sih tresnanya
Kula tansah rinimatan srana gung kadarman.

61 Allah Yeku Pangen Satuhu

Allah yeku pangen satuhu pangrehnya nentremken kalbu
kula tansah rinimatan srana sagung ing kamirahan.

Ing juranging pati tan wedi bilai wit Gusti pribadi kang nganthi
nadyan mengsah kathah manah datan semplah berkah tansah rumentah
mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang
sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah.

62 Karahayoning Tyang Mursid

Rahayu wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah
ramenggawe sepi pamrih kasengsem sabdeng Allah
wong bener wah ngabektti slamanya den berkahi lan turune lestari.

63 Berkahing Allah

Tyang kang sumarah pracaya kang leladi klayan, setya
misungsungken gesangipun konjuk mring Hyang Maha agung.

64 Pasrah Mring Gusti

Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti
Wit saliring mitramu tan bisa mrantasi
Jer sa gunging manungsa nyanggi sume lange
kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine

di enggal pasrahna ing astane Gusti
sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi.

65 Yesus Roti Panguripan

Yesus Roti panguripan tumurun saking swarga
paring rahayu santosa mring sagung tyang pracaya.

66 Masrahaken Gesang

Gusti kawula sowan atur sembah bekti,
masrahken jiwa badan, gesang kula sami;
mugi Paduka nuntun paring kakiyatan,
dimen kula lestantun dumugeng wekasan.

67 Aneng Patunggilaning Gusti

Aneng patunggilan ning Gusti wah malih nunggil baptisnya,
pasamuwan dados sawiji tunggil manah lan pracaya.
neng patunggilaning Roh suci
ngajeng ajeng kasampurnan, pasamuwan Paduka mugi saya kekah tetunggilan.

68 Iba Adi Tuwin Endahipun

Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya
tiyang dosa wanuh Pamarta samya nampi gesang nyata
gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman
Sagung dosa sampun ical mangkya ngrasuk gesang enggal.

69 Kasetyaning Allah

Kasetyaning Allah datan gingsir,
kang pinilih nggih ugi den timbali
tansah pinirsanan sadayane, prajanji nya tamtu dipun tetepi
samukawis kang kinaryakaken, rinampungken.

70 Lumadi Ing Gusti

Gusti gesang kawula lumados mring Paduka,
dadya pisungsung yekti mrih kamulyan ing Gusti.

71 Manggul Salib

Gusti Yesus, Sang Pamarta kula ndherek Paduka,
manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya,
kula Paduka kiyatken temah tan nate semplah
sampun ngantos kemuriden datan cuwa ing manah.

72 Temen Ndherek Gusti

Salir wong pracaya ywa urip sembrana,
sih rahmating Gusti den pundhinen yekti,
na dyan lelahanan nging sanes murahan,
yeku kurban sejati Sang Kristus Gusti.

73 Mareka Mring Gusti

Mara wong dosa wong cilaka mareka mring Gusti Pamarta,
temah binirat dosanira krana gunging sihnya,

saiba karaharjanira yen sira wus manjing pracaya,
sinung begja wah gesang nyata uwal sing antaka.

74 Pracaya Mring Gusti

He wong kang kabotan dosa Gusti ungsenana
agung sih pangapuntennya mring wong kang pracaya

pracayaa, pracayaa mung pracayaa
Gusti kwasa Gusti kwasa ngluwari sira.

75 Gusti Nimbali

He wong kang mandheg mangu Gusti nimbali,
tilingna ta sabdanya, Gusti nimbali,
padha mbangun turuta tumemen ing pracaya,
gya rungokna sabdanya, Gusti nimbali

Gusti dhawuh mring sira padha enggal mareka,
mara estokna sami Gusti nimbali

76 Umareka, Umareka

Taksih menga kori dhateng swarga, korining nugraha,
mila mangga nulya den ambaha sampun ta semaya,
saiba ta duwungira lamun kineban kori swarga.

Umareka umareka.

77 Ing Paprentahaning Allah

Ing paprentahaning Allah sadaya nengsemken,
Para titah samya rukun nilar pasulayan
sami dene angaosi migatosken liyan,
supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran

Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.

78 Tinimbalan Dening Gusti

Dhuh Allah Ma kwasa, Gusti nimbali kula,
dados rowang mitra, wah utusan Paduka,
ngundhangken sih rahmat mring sagunging umat,
mrih kratoning Allah sadonya sumrambah.

79 Pracaya Lan Pasraha

Pracaya lan pasraha mring Allah Ma kwasa,
Gunging prihatinira ginantosan begja,
yekti pilihing margi Pangeran mberkahi,
lan sira kaeraman wit gunging kadarman.

80 Kapyarsi Gusti Nimbali

Kapyarsi Gusti nimbali: "He wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran",
kula ngayom maring Gusti temah ayem yekti,
wit sinung kraharjan nyata uwal sing antaka.

81 Ndherek Gusti

Kula mesthi ndherek Gusti kang jumeneng Panutan
tetep setya dugeng janji tan wigih karibedan,

dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan ewah gingsir
tut wuria salaminya ing satindake Gusti.

82 Tekading Manah Kula

Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti
yeku Panutan sanyata nggih Panebus sejati

margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.

83 Pasrah Dhateng Gusti

Dhuh Gusti kawula tresna dhumateng Paduka,
ku la masrahken manah, badan kaliyan nyawa,
Paduka kang agung sih, ingkang sampun menang,
saestu kula tresna dhumateng Paduka

kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang,
kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang.

84 Nyuwun Tuntunanipun Gusti

Nggen kawula makarya inggih kasar alus
mung Paduka Gusti kang mugi amaringi
pitedah, pamrayogi sarana Roh ingkang suci.

85 Kabegjan Sejati

Kabegjan yekti gesang pangaji ngabdi mring Sang Kristus Gusti
Dadya lantaran mrih karukunan katentreman kelampahan

mung Sang Kristus yeku Gusti Panebus kula sing pati
gesang kawula kagem asmanya nggih martosken sihrahmatnya.

86 Andherek Gusti

Kula badhe mboten nilar dhateng Gusti Pamarta
dhateng pundi Gusti tindak kula ndherek Paduka

ula tut wingking Paduka salami kula gesang
awit yen tanpa Paduka kula tan saged gesang.

87 Sumendhe Ing Gusti

Kula sumendhe ing Gusti peparang kang santosa
prayogi kula ungseni nyuwun tansah rineksa
nadyan tinilar ing mitra kula mboten perduIi
sumanggem mundhi dhawuhnya klayan tulus ing ati

kula tansah pitados Gusti tan nilar kula
mila kula tan kuwatos gesang manut sabdanya.

88 Sakehing Sumelangmu Pasrahna Marang Aku

Iba rah jeng tyang kang sami sumendhe mring Gusti
jroning susah wah kesrakat Gusti paring kiyat.

Sumangga sumendhe Gusti
Sumangga sumendhe Gusti
Sumangga sumendhe Gusti
mesthi Gusti karya ayemira.

89 Pasrah

Gusti kawula ngaturken badan nyawa kawula
mugi Paduka slametken kawula kagungan ta

bingah susaha kula marem nunggil Paduka
dhuh Gusti murbeng tresna kula pasrah Paduka.

90 Pasraha

Bungaha susaha Gusti dak puji, kang mranata gesang kula,
kula rinimat kalayan katresnan, mila kula pasrah pangrehnya,

pasraha pasraha
ing sapangrehing Hyang Makwasa.

91 Praboting Perang Rohani

He prajurite Gusti kang samya dinuta
kesah mring pundi pundi nyebar kabar adya,
nggih kabaring sih rahmat peparing sing swarga
kang sinungken pra umat mrih sami pracaya

Payo maju ja giris atimu
marga Gusti nganthi sapurugmu
payo maju undhangna samangkya,
murih kang peteng gesangnya wanuh Pamarta.

92 Pamujinipun Para Utusan

He nyawaku sira sumyaka nggungung ing sihing Pangeran
kang sampun ngirid lampahira tansah paring pitulungan
mring para utusan setya kang ngundhangken wartos adya
Haleluya, Haleluya.

93 Pangatag Ngabarake Injil

Sumangga pra kanca misungsungken gesang nggih dadya pramitra rencanging Pangeran
martosken Injilnya pangluwaran sing dosa mring saliring bangsa mrih samya wilujenga

94 Nyuwun Gumelaripun Kratoning Swarga

Dhuh Gusti nggih binabarna Kratoning Allah ing jagad
pra umat samya raharja krana rinoban sihrahmat

95 Kratoning Swarga

Kraton swarga saestunya ndhatengi saya wewah,
bebener lan kaadilan aneng jagad sumrambah
katentreman sayekti binabar aneng bumi.

96 Lamun Dudu Yehuwah

Yen dudu Yehuwah kang ayasa wisma,
tanpa guna, tanpa gawe karyane tukange
lah mangkya kita andulu yeyasane
o, iba mulyanya pasamuwane Yesus Gusti
para abdi setya lan bingah ing driya
nambut pakaryan adi saking Gusti

97 Tansah Samekta

Sumangga makarya pra prajuriting Gusti
martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi
mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti.
Sumangga makarya.

98 Panenipun Jembar

Lah, saestu panenipun jembar nging kang derep mung tiyang sekedhik
o, kanca mangga sami tumandang,mumpung taksih pinaringan urip.

gya tumandanga anderepi kangelane dadi kabungahane
gya tumandanga anderepi panen jembar kang derep sethithik.

99 Panyuwun Gumelaring Kraton

Dhuh Gusti Pamarta margi sih Paduka,
tiyang dosa kaluwaran saking paukuman,

Iba adinira utusan Paduka,
kang ngundhangken wartos bingah sih rahmating Allah.

100 Diprayitna

He tyang pracaya den sami samekta nglawan Panggodha iblis julig nyata
ywa kendhat ndedonga mirengken sabda tansah nunggil lan sagung tyang pracaya

diprayitna ywa nganti lena Gusti ngreksa ing slami-laminya.

101 Perang Rohani

Pra abdining Gusti dipun prayitna
ing perang rohani ywa kongsi lena
ngrasuka kayekten wah kaadilan
nadyan tanggelannya mung kasangsaran

Yekti iblis culika lan julig maeka
ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa.

102 Allah Asih Mring Jagad

De Allah wus asih mring jagad sarta anggennya angasihi
iku kongsi masrahake ingkang putra ontang-anting
supaya sakehing jalma kang pracaya lan ngugemi
ywa kongsi nemu karusakan nging duwea urip nyata.

103 Dhamparing Sih Rahmat

Wonten satunggal panggenan nggih margining kasampurnan
ngriku gesang tansah padhang wit dayaning pati ilang

yeku dhamparing sih rahmat Sang Kristus murbeng rat
tyang kang ngayom wit pracaya raharja slaminya.

104 Kraharjaning Tumitah

Saiba dennya mbingahken yen ing sajagad wrata
kaadilan kang sanyata sayekti binabarna

srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya.

105 Gesang Tresna-Tinresnan

Ing satengahing bebrayan agung mung Pangeran pantes ginunggung
rahmatnya binabarken sanyata tumrah mring pratitah sadaya

tumemen ndedonga lan makarya mrih kebabaring tentrem raharja
nggih gesang memitran wah pasedherekan wit tyang sadaya tresna tinresnan.

106 Kula Nedya Kadya Gusti

Kula nedya kadya Gusti gesang suci, gesang suci
kula nedya kadya Gusti gesang suci,
gesang suci, gesang suci,
kula nedya kadya Gusti gesang suci,

107 Gusti Mugi Tansah Nuntun

Gusti pangayoman nyata nuntun lampah kawula
panggodha tansah nempuha kula unggul sing dosa
wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri
ku la sinung basuki.

108 Gusti Mugi Nunggil Mring Kula

Dhuh Gusti mugi nunggil mring kula
Yen ta kesaput peteng ing ratri
nggih namung Gusti kang mitulungi
sumangga Gusti nunggil mring kula.

109 Katemtuaning Pracaya

Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan
pra kang sabar myang pracaya temtu tampi pitulungan

paukuman kula trimah lir penget lan pitedah
ingkang tangguh ing pangantya tan koncatan sih Paduka.

110 Namung Karsa Paduka

Dhuh Rama lamun kawula darbe atur panyuwun,
mugi kula nggih sageda nrimah saparingipun,
lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula,
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna.

111 Gusti Nuntuna Kawula

Gusti mugi sampun ngantos nilar kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka,

Gusti mugi nuntun kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka.

112 Mugi Mberkahi Kula

Adhuh Gusti kula sestu ngorong berkah Paduka
yeku kang ngayemken kalbu mugi mberkahi kula
nggih kula, nggih kula mugi mberkahi kula

113 Pandonga Enjing

Gusti dinten mangkya mugi andalemi
ing batos kawula miwah paring Roh Suci
mugi paring padhang anyunari margi kawula
wah kula kawulang nanggulangi panggodha.

114 Aja Semaya

Nikmating donya nggodha ati mikat kita dimen nebih Gusti
lan kabeh iku tan nguripi nging nggendeng kita mring telenging pati

Ja semaya, umareka, umareka ya saiki uga,
lah Gusti wus ngantya mring sira pangayomanmu kang tuhu setya

115 Nyuwun Ayeming Manah

Lamun kula kesayahen, kamomotan ing ati
Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem mring Gusti.

Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem ing dri ya
Nyuwun ayem dhuh Pamarta Gusti kang nebus kula.

116 Pasrah Sumarah Mring Gusti

Pasrah sumarah mring Gusti Pangayoman kang sejati
uripmu tansah rinimat wit Gusti gunging sih rahmat
waspadakna makluk wrata karoban ing sih lan piwlasnya
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya.

117 Gusti Pangen Utami

Paduka Pangen utami ingkang kawula tresnani
kawula purun sangsara angger krana Yesus Gusti
kawula kepengin manggen wonten ngarsaning Pangeran
margi neng ngriku kawula ingayoman ing rahmatnya.

118 Ingsun Yehuwah Allahira

Lah ingsun Yehuwah Allahira kang nyepengi tangan-tanganira
sestu Allah dados karosan kula mila kula tresna mring Paduka.

119 Angger Kula Sumerep

Yen kula sumerep margi cawisane Gusti,
nadyan susah kados pundi kula nyelak Gusti,

marek Gusti, marek Gusti marek Paduka Gusti
angger kula nggih binekta nyelak dhateng Gusti.

120 Kumandel Mring Allah

Dhuh Gusti mugi ngirid lampah kula
ndherekaken Paduka salamanya
kawula datan saged milih margi
mugi sapurug kula Gusti nganthi.

121 Kinanthi Ing Gusti

Gusti Yesus Pangen kula, sestu gung sih Paduka
Ing sapurug-purug kula nggih tansah kinanthia

Kinanthi Ing Gusti kinanthi ing Gusti
ing satitah kula nrimah angger kinanthi Gusti.

122 Dipanggah

Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili
ywa manut bujuking iblis wohe mung pati

dipanggah kanthi sumarah mring Gusti tansah
kasorna dosa wit mursid tegen ndedonga.

123 Gusti Pangungsenmu

Yen sira sangsara sarta sedhih manteba pracaya Allah tan tebih
aja wedi Gustimu nganthi rehing kadursilan mesthi kasoran
pepeteng dosa ilang sirna mung gung karaharjan kang sinandhang.

124 Samekta

Pitulung kita kang rosa samekta,
lir mitra kang tuhu setya samekta,
lamun kesasar neng margi Gusti nglari lan nimbaIi
rumiyin myang samangke tetepsamekta,
samekta, samekta,
rumiyin myang samangke tetep samekta.

125 Pasrah Sumaraha

Aja sumelang bab uripmu, ywa cilik ing kalbu
yen pepeteng nglimputi ati ngayoma mring Gusti

Allah yeku Rama ngreksa sira salaminya
Pasrah sumaraha mrih tentrem raharja.

126 Ngrangkul Salib

Dak rangkul salibe Gusti kang agung tresna lan sihe
sarta dhangan dak ungseni dak rangkul salibe

dak rangkul salibe, dak rangkul salibe
yeku margining sih rahmat dak rangkul salibe.

127 Kula Tyang Pracaya

Kathah tyang kang rebadan drajad lan kamulyan nggih sami kamitegan ngurbanken mring liyan
kula tyang kang pracaya mbangun turut Gusti ngudi ing gegayuhan klayan mursid yekti

128 Kabegjan Kang Sejati

Kabegjan kang sejati tinunggil Gusti
yen panggodha ndhatengi gya den tulungi
mrih manteb pracaya wah tetep waluya
malah ngesorken dosa yekti mursidnya.

129 Tansah Bingah

Tyas kita sestu raharja sinung kabegjan nyata
dene Allah Kang Ma'kwasa nganggep putra mring kita

mara tansah bungah-bungah wit tinunggil lan Allah
sarta ngambah dalaning pepadhang kang dugeng kasampurnan.

130 Allah Dados Pepadhang

Allah kang dados padhang nuntun dhateng kraharjan,
astanya sestu santosa ngreksa tyang kang pracaya,
pepadhanging Allah nganthi ngirid ing ngajeng lan wuri,
ngantos dumugeng swargi.

131 Ayem Wonten Ing Gusti

Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinungan gesang nyata tinebus sing dosa,
wonten kidung ngumandhang sumyaking tyas girang
pamujining pra suci nggunggung sihing Gusti.
Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus,
sinungan gesang nyata tinebus sing dosa.

132 Kabegjaning Tiyang Kristen

Samangkya kita merdika uwal sing rehing dosa
ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami

mung kraharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang
tinebus Sang Kristus Gusti kula sinung basuki.

133 Rumentahing Palimirma

Kula tyang dosa klangkung ageng rinentahan palimirma,
punika ngeram-eramaken, kawula sewu tan nyana,
mangke tan wonten paniksa, (2X). ming rumentahing sih mirma (2X)..

134 Aja Adigang, Adigung, Adiguna

Saliring tyang adigang mung nyebar panandhang
wateknya kamitegan nindhes mring sanes tyang
pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti
nging tyang tresna satuhu gesang yekti (2X).

135 Kula Sumarah Mring Allah

Gesang kebak kekeran angel den jajagi
dhateng ing kasangsaran nggih silih gumanti
namung Paduka Gusti mirsa samukawisnya
kula pasrah sumarah ing reh Paduka.

136 Pangandel Dhumateng Allah

Neng are wah neng gunung, mung neng rgarseng AIlah
aneng ngendi dumunung nggih pinanggya tansah
endi kang dadi cipta lan osiking ati .
kapirsanan sadaya ing Allah Hyang Widi.

137 Kang Langgeng Sihe Allah

Saprakara kang pantes den upadi yeku Kratoning Allah Sang Rama
samubarang pinaringken tumuli angger sumuyud jroning pracaya

kabeh mung nglaha, kabeh mung nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi sirna
mung sihe Allah kang langgeng slamanya tyang kang ngayom wus mesthi raharja.

138 Pangandel

Mung sarana pracaya aku sinung waluya
uwal sing rehing pati tinebus dening Gusti

Ayem tentrem ing kalbu wit Allah Pamartaku
Gusti andel-andel yekti slaminya dak bekteni.

139 Mugi Gusti Angutus Utusan

Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun
ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelaspun
supados tyang salumahing bumi sami nampia Injiling Gusti.

140 Sang Kristus Tameng Santosa

Sang Kristus tameng santosa nguwalken saking rubeda,
neng jroning bebaya pati Gusti kang badhe nulungi,

Gusti peparangku tansah ngayomi, angayomi, angayomi,
ampinganku sajroning prahara pangungsen ingkang santosa.

141 Gesang Dados Kidung

Gesang kula dados kidung sumaos mring Pangeran,
wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan,
ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti,
srana kamursidan nyata krana anyar ing budi.

142 Mung Kristus Juru Basuki

Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru basuki
wit sih tresnanya mring sagung manungsa
ngantos ngurbanken sriranira mila tyang kang pracaya
sinungan gesang nyata wah tentrem raharja.

143 Mung Tansah Pasrah Mring Gusti

Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka
mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya
manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya
tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata.

144 Margi Dhateng Swarga

Nyebuta Gusti mring Sang Kristus, nging yen tan kanthi tulus
mung kembang lambe tanpa laku rehing dosa den gugu
kasangsaran temahanira naraka pandumannya

kang mlebet mring kratoning swarga namung tyang kang mbabarken tresna
nglampahi mring karsaning AIlah sepi ing pamrih tansah.

145 Nunggil Kaliyan Gusti

Yen nunggil lan Gusti rinten dalu
manah langkung tentrem arahayu

kula angantya Gusti ratri klayan rina
nyuwun berkah dhuh Gusti , Gusti kula.

146 Gusti Yesus Pamarta

Gusti Yesus Pamarta dados Pangungsen kula
kula dipun luwari sing pamengkuning pati
srana rahing Sang Kristus gesang kula tinebus.

147 Pangungsen Kula

Gusti Pangungsen kula sestu gung sih rahmatnya
ing sajroning panandhang wah yen bebaya nrajang
Gusti sung pangluwaran kula manggih kraharjan.

148 Nyawisi Papan Mring Gusti

Gustimu kepareng mundhut papan aneng atimu
resikana dimen patut Gusti karsa lumebu

rungokna pangandikanya aja padha semaya
nyawisna papan mring Gusti aneng sajroning ati

149 Gusti Nuntun

Gusti nuntun lampah kula saklangkung nggen kula begja
celak miwah tebih ugi tansah dipun kanthi Gusti

nggih Gusti kang nganthi kula astanya pyambak kang ngreksa
mila kula manut Gusti kang dados Panebus yekti.

150 Kumandela, Pracayaa

Mara den etunga berkahing Allah Rama
atinira mesthi kaeraman gungnya tanpa wilangan
mula ja kuatir sumelang nging sumendhea Pangeran

Kumandela pracayaa
upadinen Kratoning Allah atimu ayem kabegjan tumrah
kang murbeng rat muwuhi berkah ing sih rahmat.

151 Mung Allah Maha Kawasa

Nadyan sira pinter alinangkung tan jajak kekeraning Hyang agung
sayogya sira aja gumunggung leladia mrih Gusti ginunggung,

Mung Allah Kang Mahakawasa wah tansah langgeng pangrehira,
bala swarga makluk wrata nelakken kamulyannya
tyang kang mursal nemahi bilai kang ajrih asih manggih basuki.

152 Yesus Sang Pamarta

Yesus yeku Sang Pamarta karsa ngluwari tyang sangsara
mbirat saliring memala nglipur tyang kang nandhang papa
kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti
kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti.

153 Gusti Yesus Kristus

Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta
Pepadhanging jagad nyata Putreng Allah Makwasa
nggih jatining kayektosan wah malih kauripan
margining tyang dugeng swargi Imam agung sejati
Sang Pangen, Panebus jalma Pantaraning manungsa.

154 Allah Pangayomanmu

Allah yeku Pangen satuhu kang ngreksa tansah uripmu
Pracayaa sarta mituhu wah bekti kang trusing kalbu
yen bebaya nempuh sira ywa semplah alit ing driya.

155 Paseksi Sayekti

Tyang kang pracaya nyawiji wit Sang Kristus Gusti
Lir badan kang mung sajuga lan gegelitannya
yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta.
tansah silih, mbiyantoni ngarah gesang suci

156 Timbalan Dadya Duta Sembada

Kathah tyang samya nandhang tilingna
mbetahken pitulungan tilingna

Gusti nimbali sira dadya duta sembada
mbabarken sih rahmatnya tilingna.

157 Nyuwun Kalanting Ing Gusti

Ing margi kang rumpil sarta sepi giris nglimputi mring kula
lungkrah raga wah semplah ing driya lir tyang kang tinegakken Sang Rama

mlampah pyambak datan dumugi Gusti mugi nglantinga
mrih gesang maedahi sesami wah kamulyaning asma Paduka.

158 Asmanya Makwasa

Gusti Kristus Maha kwasa nggih tetameng santosa
sagunging tyang kang pracaya mesthi den ayomana,

Asmanya Makwasa nggih tetameng santo sa
AsmaNya Makwasa tumrap tyang kang pracaya.

159 Sang Kristus Maasih

Lamun sira sangsara krana rehing dosa
yogya pasrah. mring Gusti dyan linuwaran yekti,

Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih
ywa mamang ngayoma temah sira tentrem raharja.

160 Kraton Swarga

Neng Kraton swarga sestu gung panggenannya
salir tyang tinimbalan mlebet samya
mila Sang Kristus manjal ma tedhak donya
ngurbanken srira nylamet ken manungsa

yogya tampanana sih rahmating Gusti
temahan sira mang gih urip sayek ti
tentrem raharja tansah ngerobi sira
wasana ngrasuk kasampurnan swarga.

161 Tyang Kang Pracaya

Tyang kang pracaya tetep waluya yen nunggil Sang Pamarta
lir pang datan alum lamun tetep ing wit ira

tyang kang tansah manut rehing Gusti mung kabegjan kang pi nanggya
bi nerkahan rinten lan ratri rineksa astanya.

162 Dhuh Gusti Pepadhang Yekti

Dhuh Gusti Pepadhang yekti mugi nuntun kula
ngambaha margi utami nggih bebener nyata.

163 Pitobat

Biyen nglirwakake sabdaning Gusti
mung karepe dhewe kang dituruti
samangkya mratobat nampi sih rahmat
migatosken tansah karsaning Allah

mring Yesus Pamarta pasrah jiwa raga
sinung gesang yekti unggul sing pati.

164 Agunging Sih Rahmat

Sestu adi wah gung yekti sih rahmat sing Gusti
nylametken kula tyang dosa dyan tentrem raharja

165 Jatining Katresnan

Lamun kula anglampahi tindak luhur mulya
nging yen tanpa tresna yekti muspra tanpa gina

kula winulanga tansah lampah tresna lelabet sesami nulad tindaking Gusti
kula winulanga tresna trusing ati nggih nuladha tindaking Gusti.

166 Ora Et Labora

Ora et labora ndedonga makarya yeku sesantinya sagung tyang pracaya
mbangun jagad donya temah gesang raharja Ora et labora ndedonga ma karya.

167 Panuntuning Gusti

Allah Rama ngreksa ngrimati kula
kabegjan kraharjan kang pinanggya
lamun nyanggi momotan lan sangsara
tinunggil mrih tan ngantos semplah,

kula pasrah lan sumarah mring Gusti panuntunnya wus mesthi prayogi
ing wusananya kula dugeng swarga satuhu ngrasuk gesang sampurna.

168 Ndedonga Lan Makarya

Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami
murih tentrem raharja sumrambah sadonya asmanya kang Mamulya pinuji slaminya.

169 Sumarah Mring Allah

Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja
yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran.

170 Gusti Mugi Nuntun Kawula

Gusti mugi nuntun kawula tansah setya ndherek Paduka
nadyan awrat momotanira nging kula tansah manggih begja.

171 Utusaning Gusti

Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang sulayah
awrat ing panandhang mila nggresah samya semplah ing manah

sumangga Gusti ngagem kawula mbabar tresna kang sanyata
sumangga Gusti ngutus kula numrahken berkah dhateng tyang kathah.

172 Tansah Padha Bebungaha

Tansah padha bebungaha krana kabegjan sanyata
de kita samya tyang dosa nging tinebus sing antaka

tansah bungah ing patunggilaning Gusti
tansah bungah wit sinung gesang sayekti.

173 Korban Sejati

Saosna badanmu mrih dadya korban
kang gesang lan suci konjuk Pangeran
yeku pangibadah ingkang sejati
tandha sokur tansah mring sihing Gusti.

174 Nulada Sang Pamarta

Dipadha sarujuk tunggal tresna tunggal budi lan tunggal sedya
wah samya andhap asor ing lampah nulada mring Sang Kristus tansah

Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri
wah dadya abdi sinalib seda yeku babaring tresna sanyata.

175 Tiyang Rahayu

Rahayu kang mlarat ing budi witdarbe Kraton swargi
rahayu tyang kang prihati wit nampeni panglipur yekti

Sang Kristus Guru sejati sabdanya den lampahi
Yoga den tut wuria prentahnya den estokna

176 Kang Pinunjul Katresnan

Tyang kang sagah ngurbanken dhiri leladi ing pamrih sepi
mung tyang kang mbabar tresna nyata nulad tindake Sang Pamarta

yekti amung telung prakara pangarep-arep lan pracaya
sarta katresnan nyata lelabet trusing driya ingkang pinunjul tresna

177 Gusti Yesus Ratu Adil

Ratu adil kang sejati saestu namung sawiji
yeku Sang Kristus Gusti mengku swarga lan jagad rat nggih Panutaning pra umat
pinujia tan kendhat pinujia tan kendhat

178 Gusti Pepadhanging Jagad

Gusti pepadhanging jagad gung luber ing sih rahmat
asihmring salir manungsa Samya den wilujengna
tinuntun mring margi padhang manunggil lan Pangeran
gesang mursid yekti tansah mbangun turut mring Allah.

179 Panarima

Dhuh nyawaku den marema, Allah nunggil mring sira
Samubarang solan salin Allah tan owah gingsir.

180 Ngaturaken Pisungsung

Pisungsung konjuk mring Gusti tan mung sapra sedasan
berkahnya rina lan wengi datan kenging ingetang
sawernaning kang pangaji konjuk ngarsaning Pangeran

181 Saosan Sokur

Kula ananem wiji taberi ngrimati
nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi
Pangeran paring jawah lan sunaring surya
wah saliring wohira nggih berkahing Rama

Sumangga misungsung kanthi trusing manah
sadhengah barang darbe kita konjuk mring Allah.

182 Riyadin Saosan

Pra tyang pracaya sagung sumangga sung pisungsung
konjuk Gusti Makwasa ing dinten Pentakosta
wit berkahing Pangeran tyang nenanem panenan
kasil tyang kang makarya kabegjan kang pinanggya.

183 Pisungsung Miring Kang Maluhur

Gusti Kang Maluhur kula saos sokur
sung pisungsung klayan bingah wit lubering berkah
mugi dados marginira asma Paduka pinuja,
karsanta binabar nyata kraton swarga rawuha
Amin, Amin, Amin

184 Pisungsung Wit Kamirahaning Pangeran

Kula tansah ngraosken bingah wit sih kamirahaning Allah
ngganjar kawilujengan nyata lantaran kurbaning Sang Putra
mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya.

185 Pisungsung Konjuk Mring Allah

Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung
cihnaning bingahing rnanah wit berkahing Allah
sumengka wah sinengkera lan temen rineksa
dadya srana munpangati mrih kamulyaning Gusti.

186 Pisungsung Konjuk Mring Gusti

Jagad nampik sihing Allah nyingkur mring Sang Pamarta
nging kula pracaya pasrah ngraosken sih rahmat nya

mangga sru ngidung ngunggung Hyang Widi wah sung pisungsung konjuk mring Gusti
ngaturken pratandha sokur krana berkahnya mancur.

187 Pisungsung Jiwa Raga

Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta
mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran kamulyaning Pangeran

188 Asung Pisungsung

Sumangga sung pisungsung mring Allah Ma agung
krana gunging sihrahmat kang luber tan kendhat

189 Sabdaning Allah

Sabdeng Allah Hyang Widi seksinya kitab suci
pepadhanging manungsa ing margi dugeng swarga

190 Tyang Kang Manut Angger-Angger

Rahayu tyang utami ing lampah ngambah margi prentahing Sang Yehuwah
rahayu kang netepi sabdanya
tyang kang manut ing sapangrehe Gustisarta tansah telaten netepi
sakarsane klawan eklas ing ati.

191 Angger-Anggere Pangeran

Angger angger suci peparinging Gusti
sanyata sampurna,paring pangalaman
lan kawicaksanan wah nyegerken nyawa
dhawuhipun Allah mbingahken ing manah
wit patitis sayeti prentahe Pangeran
dhatengken kraharjan krana saestu murni

192 Undhangna Sabdeng Allah

Panuntun lampah utama yeku sabdaning Allah
wulangna mring brayatira tan kendhat saben wayah

bra undhangna sabdeng Allah paseksi sih rahmatnya
mrih samya manggih raharja sinungan gesang nyata

193 Mung Sawiji Kabegjan Sejati

Lamun lampah kula neng padhanging sabda kula bingah wah suka rena,
Kula yakin estu Gusti nuntun temtu mring tyang kang pitados satuhu

mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti

194 Sabdeng Suci

Undhangna wrata sajagad sabdeng Injil Suci
nggih paseksining sih rahmat sabdeng Injil Suci
mrih saking manungsa sinung gesang nyata

sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti
sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti

195 Isining Kitab Suci

Isining kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran
dadya srana suka piwulang margining kautaman

dimen tyang pitados tansaha rumantos
mbangun turut Gusti nresnani sesami

196 Sabdanipun Allah

Sabdaning Allah Hyang Widi yeku kitab suci
panuntuning gung manungsa mring lampah utama
wah mbereg mring pitobat tyang ngorong sih rahmat
nglipur manah kang sisah ngiyatken kang semplah

197 Kembul Bujana Suci

Kula sami sesarengan kembul bujana suci
yeku pratandhaning kurban nggih kurbanipun Gusti
roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya

198 Pamuji Ing Bujana Suci

Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci
sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna
aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji wijine

199 Bujana Swarga

Wonten ing bujana swarga taksih langkung panggenan
angger tyang dosa mratobat mesthi nggih sinuruhan
Gusti ngutus pra abdinya ngundhangken ing sajagad
dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad

Rungokna neng swarga isih luwih panggonan
wong dosa mareka sira kang sinuruhan

200 Bujana Suci

Bujana suci ngengetna mring sih rahmating Allah
anggur roti mratandhani korbane Sang Kristus Gusti
ngluwar kula sing pati temah langgeng basuki

201 Timbalan Nderek Ing Bujana

Gusti nimbali kula samya nderek ing sakramen bujana
nggih tetunggilan klayan Gusti sarta nyawiji lan sesami
sih sinihan binabar nyata silih leladi den tindakna
nging kula asring tan lampah tresna adhuh Gusti nyuwun pangaksama

202 Bujana Kang Sestu Sampurna

Kula sung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur
kang nimbali kula samya nampeni nugraha
ndherek ing bujana suci, bujana sing swargi,
yeku karaharjan yekti nggih kamulyan adi,
mbenjang yen wus mlebet swargi ing Kratoning Gusti,
kula ndherek ing bujana kang sestu sampurna

Yogya disetya temen pracaya
ngestokken sabdanya tansah olah tresna
gesang kang sembada

203 Bujana Kang Suci

Tumurun sing swarga adi karaharjan sayekti
pinaringken dening Gusti aneng bujana kang suci,
mareka tyang dosa sagung kang mratobat nyuwun tulung,
tampanana anggur roti pralambang panebus yekti

204 Pandadar Ing Bujana

Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki
de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga
tetunggilan lan Pangeran yogya kula ndhandha gesang.

205 Baptis Lare

Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit
mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat.

206 Baptisipun Lare Alit

Dhuh Rama mugi ngluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan,
dalah para anak kawula sowan nampeni prasetyanipun Allah.

207 Nyaosken Yoga

Gusti nimbali pra lare mrih sowan mesthi binerkahan sinung kraharjan
de pra lare kang tuhu ing pracaya yeku ingkang darbe Kratoning swarga

dhuh Gusti samangkya sowan kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka.

208 Baptis Suci

Kawula samya bebingah memuji mring Allah,
kang ngluberken sih rahmatnya mring kula tyang dosa
wit panuntuning Roh Suci kula pitados mring Gusti
temahan manggih wilujeng sinung gesang langgeng.

209 Kabingahan Wit Wonten Baptisan

Kabingahaning ati yekti tan wonten kang nglangkungi
de kadang kang kula kasihi nampeni baptis suci,

dhuh Gusti mugi tansah mberkahana mrih mbabarna pracaya,
nekseni asmaning Sang Pamarta wah gesang sembada.

210 Rawuhipun Gusti

Dhuh Gusti kados pundi nggen kula sung urmat
methukken klayan puji mring ratuning jagad
mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci
mrih nggen kula ngabekti mranani mring Gusti.

211 Pamujine Maryam

Nyawa lan atiku bungah ngluhurken mring Allah.
dak pujekna kidung girang wit gunging kadarman,
de Allah wus ngudaneni asoring kang abdi,
lah panganggepe pra bangsa aku wong kang begja.

212 Pamujining Zakaria

Pinuji Allah Makwasa
Gustine tyang kang pracaya
De umate tinuwenan
Pinaringan pangentasan.

213 Puji Konjuk Gusti

Puji konjuk Gusti ratuning swargi
Kang angesorken srira myang manjalma,
miyos wah sugengnya tansah nandhang sangsara,
mrih mulyakken jalma luwar saking dosa
Haleluya.

214 Timbalan Nulad Gusti

Pinuji tansah Allah Mamirah
kang asih darma mring gung manungsa
nladhani kita welas asih nyata
mring tyang kang ringkih wah nandhang sangsara.

215 Cahyeng Endah

Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat
duk praduta swarga prapti ngundhangaken sih rahmat
raharja prajalma kang sinungan kawaluyan
lantaran Sang Pamarta lantaran Sang Pamarta.

216 Kanca Agiyaka

Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swarga
tedhak ing donya dados bayi papa

payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti
sung-pisungsung panggunggung mring Gusti.

217 Lintang Endah

Lintang endah nyaritakna rawuhing ratu swarga
sagunging pra manungsa gya sowan asung sembah nyata
ratu swarga Maha mulya ngesorken sarira
karsa nebus manungsa

218 Yesus Kristus Rawuh

Haleluya Yesus Kristus ngrawuhi manungsa
padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya

219 Warta Kabegjan

Pra pangon kang winartan agung begja sing swarga sami kaeraman
saestu bingah ing manah de nyata wartanya Kristus sampun prapta.

220 Dalu Suci

Dalu suci tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta
tedhak manjalma krana kita miyos wonten kandhang Betlekhem
Gustining dumadi Gustining dumadi.

221 Rawuhing Ratu Tentrem Raharja

Pra manungsa giranga mujia pra mudita
ratu nira wus prapta ratu ning tentrem raharja
pra manungsa giranga mujia pramudita

222 Rawuhing Ratu Sejati

Ratu mulya nging ngesorken srira krana karsa nylametken tyang dosa
nandhang papa wiwit wiyosira suket alum nggedhong Kang Sinuhun
pamakanan papan sarenipun langit bumi sung sembah pamuji.

223 Allah Asih Marang Jagad

Kapireng swara gumyak ngumandhang saking swarga
paring wartos kabingahan tumrah mring pra manungsa
sestu AIlah tresna ngantos ngutus Putranya
maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya

Rungokna swaranya paring wartos basuki
Rungokna swaranya Pangeran asih mring jalmi.

224 Adining Dinten Natal

Dinten natal dinten adi wiyosing Sang Kristus Gusti
sumangga sumyak memuji sung pisungsung trusing ati
wah ngundhangken sih rahmatnya sarana tumindak nyata.

225 Kang Pinilih Ing Rawuhe Gusti

Betlehem ing Efrata saestu prasaja
nging pinilih ing Gusti dadya negri adi
dene neng kandhang kewannya miyosing Sang Pamarta
Allah sung waluya tan mawang manungsa.

226 Kamulyakna

Kamulyakna Hyang Maagung ing suwarga ing suwarga ing suwarga
tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan
kluhurna Allah neng swarga kluhurna Allah neng swarga
tentrem rahayu ana ing bumi tentrem rahayu ana ing bumi
ing manungsa ing manungsa kang sinarjonan
ing manungsa kang sinarjonan kang sinarjonan
pinujia pinundhia Hyang Ma agung ing suwarga lan ing bumi
tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan
amin, amin.

227 Sang Pepadhang Sejati

Sang pepadhang sejati samangkya wus prapti
nyirnakna rehing pati mrih jalma basuki.

228 Sang Ratuning Katentreman

Bangsa kang mlampah neng pepeteng sumerep pepadhang langgeng
samya ngidungken kabingahan lir kraharjan ing panenan
de pasangan saha rembatan nggih panindhes kasangsaran
saestu sampun kasirnakna wit Sang Pamarta wus prapta.

229 Linuhurna

Gya linuhurna Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya
Jagad bilai Kristus ngrawuhi swawi sami den pepuja
rawuhe Gusti datan ngadiIi malah ngluwari tyang dosa

230 Kabingahan Ingkang Sejati

Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti
memuja, misungsung, ngaken dosa lan nyenyuwun
bingah bingah trusing manah sung kabegjan dhateng liyan
numrahna ! raharja wit wus prapta Sang Pamarta

231 Kaelokan Sayekti

Kaelokan sayekti Allah ngesorken dhiri dadya manungsa
papa miyos neng kandhang nistha nladhani sagung manungsa
welas asih tresna nyata ngapunten sagung lepat dosa
sayogya memuja Allah asih manungsa.

232 Kidung Dinten Natal

Swawi kanca sumyak sung puja ing dinten adya punika
Sang Pamarta mangkya manjalma miyos dados bayi papa
wit gung sihnya mring manungsa karsa nylamet ken gung tyang dosa

233 Panyuwun Mring Gusti Ing Dinten Natal

Dhuh Gusti Sang Pantara kawula nglenggana
kadya Zakharia bapa tan manteb pracaya
mugi ing natal niki Gusti sung aksami.

234 Allah Tumedhak Manjalma

Allah ngesorken srira wit nglabuhi jalma
manungsa tan waluya ngendelken dhirinya
mung karana tresna gesang tentrem raharja
tyang lepat tinuntun tobat sranaden apura.

235 Sang Ratu Adil Sejati Wus Prapti

Sang Ratu Adil sejati
samangkya sestu wus prapti
maringken tentrem raharja
tumrah mring sagung manungsa.

236 Allah Nunggil Mring Jalmi

Bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan,
nging yeku Gustining pra gusti manjalma sung gesang yekti,

Tansah pinuja Allah Mamulya kang ngasihi pra manungsa
tentrem raharja tumrah neng donya wit sang Pamarta wus prapta.

237 Wiyosipun Gusti

Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana Gustiku rawuh saking ngaluhur
Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat
gedhe cilik tan kliwatan payo muji Pangeran.

238 Gloria Konjuk Hyang Maha Luhur

Sing saindenging bawana ngumandhang kidung puja,
methukken mring Sang Pamarta, kang manjalma neng donya
Gloria Allah Maha mulya Gloria Allah Maha mulya

239 Rawuhing Sang Imanuel

Sang Imanuel gya prapta anglari sagung manungsa
li nuwaran sing naraka temah raharja slaminya
pra makluk wrata mujia Sang Imanuel gya prapta.

240 Pamuji Ing Dinten Natal

Pamuji mring Gusti kang trusing ati
ing dinten riyadi natal puniki
prihatosing driya ginantos bingah,
kuwatosing donya sirna wit berkah.

241 Warta Basuki

Mring tyang asor wah tyang prasaja kang angantya mring Sang Kristus
Mlaekat sing swarga sung warta rawuhira Sang Panebus
mung bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan
yeku Sang Mesih kang wineca nggih Allah kang manjalma.

242 Sang Pamarta Wus Manjalma

Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi
ratuning para ratu Gustining pra gusti

rungokna kidung puja sing pra bala swarga
Sang Pamarta wus manjalma sung urip sanyata.

243 Rawuhing Ratu Adil

Kabingahan kang sejati nyrambah ing bumi
Ratu adil sampun prapti jagad tentrem yekti
manungsa basuki makluk wrata saOs bekti.

244 Dalu Adi

Dalu adi abyor cahyeng kartika
dalu suci miyosing Pamarta

jagad raya kang risak wit duraka
den pulihken pindha Pirdus mulya

pra manungsa kang sangsara wit dosa
linuwaran mrih tentrem raharja

mangga sujud saosbekti mring Gusti
dalu adi Panebus wus manjalma
dalu suci Sang Kristus wus prapta.

245 Sang Ratu Swarga Prapta

Kanca suraka agiyaka Sang Ratu swarga mangkya prapta
ngluwar kula sing bebandan salir kasusahan ing driya
mangkya dadya pamuji suka wit sang Putra sampun prapta

246 Sangsaranipun Gusti

Dhuh Yesus Gusti kula sinandhangan wirang
rikinarya makutha pinoyok tyang kathah
rinangket lir durjana, cinampah siniya
dhuh Allah punapaa, tan ngeman kang Putra.

247 Pamuji Ing Jumat Agung

Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti
kang dados juru basuki karsa ngurbanken dhiri
sinalib dumugeng seda nyangnggi bebendu ning dosa
mrih tyang pracaya waluya, rinukunken klayan Allah,
nggih dinadosken PutraNya cinadhang kraton swarga.

248 Sangsaraning Gusti

Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu
nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru
ingukum kisas nggegirisi tan kendat siniya
jinemalan lajeng kasalib anemahi seda.

249 Gusti Yesus Sinalib

Gusti Yesus sinalib, sinrahken Allah priyangngga,
karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning jagad.

250 Kapotangan Kula Dhateng Gusti

Dhuh Pamarta ingkang seda nebus kula saking dosa
temah kula dados putra ingkang darbe gesang nyata
dene kula nyaur napa? Dene kula nyaur napa?
Gusti sampun nebus kula dene kula nyaur napa.

251 Yesus Abdining Sang Yehuwah

Abdining Sang Yehuwah, yekti mung Yesus Gusti
kang sumuyud mring Allah sampurna suci
kang ngurbanken dhiri wit tresna yekti
mrih sesami raharja mulya ing swarga

252 Lelabetanipun Gusti

Kula rumaos kang trus ing batos
wit kula dosa Gusti sangsara

Ooo kula tiyang kang kawlas asih
amlas arsa den labeti Gusti dugeng seda.

253 Neng Getsemane

Neng taman Getsemane Gusti nyangga siksa miwah bebendu
nglawan pagirising pati krana gunging dosaku

yogya nggonku nanggapi sih rahmate Gusti
yekti amung sawiji pracaya lan bekti.

254 Yesus Yekti Pamarta

Yesus Sang Pamarta yekti wus ngawonken pati
sanadyan sinalib seda nanging wungu nulya
pindha wiji kang katanem lir sirna krana kapendhem
nulya tuwuh lan ngrembaka sarta angrebda wohira
Gusti wungu unggul sing antaka.

255 Sang Kristus Manungsa Sampurna

Manungsa sampurna yekti yeku Kristus Gusti
mbabarken tresna nyata srana kurban nyawa
sangsara dumugeng seda nebus gung manungsa
temahan samya waluya luwar sing antaka

256 Mandeng Yesus Kang Kasalib

Mandeng Yesus yeku Gusti
kang sinalib wah ngemasi
sirna gumunggunging ati
nging ngorong mring urip suci.

257 Ing Golgota

Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda
wit dadya kurban sanyata nggih ngruwat manungsa dosa
naraka wah antaka kwasane den sirnakna
saliring tyang winenganan korining Kraton swarga

ing Golgota Gusti seda marginira gung manungsa
mardika gesang nyata.

258 Kemenanganing Tresna

Sang Kristus Ma suci nging sinalib ngemasi
wit pangadilan tan adil wah seksine dora
jagad ngumbar kekerasan lan dosa
de Sang Kristus mbabarken tresna nyata

Kristus seda den paeka nging wungunya yeku tandha kemenanganing tresna.

259 Rahe Gusti Panebus Yekti

Nadyan Gusti suci tan dosa nging sinalib sami durjana
dadya kurban ingkang sampurna ngruwat manungsa

rahe kang suci panebus yekti
sagung dosa linebur sirna angger pracaya.

260 Sang Kristus Gusti

Sang Kristus Gusti Maha mulya tedhak mring bumi lan manjalma
ngesorken srira pindha abdi ngruwat tyang dosa mrih basuki

pra tyang pracaya bra wartakna Injil kang suci salaminya
tan ajrih geter was ing driya wit Gusti nganthi salaminya.

261 Tinebus Babar Pisan

Uwal sing laknat kabegjan kita Gusti wus seda ambirat dosa
temah luwar sing paukuman pangluwaran babar pisan

babar pisan dennya nulungi babar pisan dennya ngasihi
rumaketa ing pamenthangan mesthi luwar babar pisan.

262 Panglipur Kang Sejati

Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti
Sang Kristus kang tanpa dosa dados kurban sampurna
sinalibken temah seda tinegakken Sang Rama
ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga
ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga.

263 Etuking Karahayon

Wonten rah kang suci mancur neng ardi Golgota
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa
kang ngicalken dosa kang ngicalken dosa
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.

264 Mandeng Salib

Srana mandeng salib ing Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti,
wit Putraning Allah wus sinalib seda ngrembat laknat dosaning jagad

Swawi den pandeng srana mandeng salibing Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti.

265 Salibing Sang Pamarta

Sinalib ing Golgota temah dugeng seda
Yesus kang tanpa dosa nebus gung manungsa

Salibing Pamarta tuladha sanyata
mbelani mring sesami wit tresna sayekti.

266 Sihe Allah

Wit Allah asih manungsa, masrahken Putranira
dados kurban kang sampurna sinalib dugeng seda,
sih rahmat kang lelahanan nylametken babar pisan
angger tyang purun pracaya luwar sing pati ing nraka
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

267 Wungunipun Gusti

Swawi pra kanca girang memuji Kristus sinalib wus wungu yekti
Pamarta kita wungu sanyata mangkya jumeneng ratuning gesang
Gusti Panebus prange wus unggul, pati wus kalah kwasane sirna.

268 Wungunipun Gusti Panglipur Kula

Gusti wungu sing seda sampun ngawonken antaka
wungune Sang Pamarta panjernya tangining raga
ngrasuk gesang sampurna yeku panglipur kula.

269 Pamarta Kula Agesang

Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang,
dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

270 Gusti Sampun Wungu

Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu saestu sampun wungu
kwasaning pati sampun sirna tyang kang pracaya gesang nyata
Gusti sampun wungu Gusti sampun wungu saestu sampun wungu
wungune Sang Kristus dados panjernya tangining raga ing mangkenira
nulya ngrasuk kasampurnan ing swarga yogya tansah manteb ing pracaya
Gusti sampun wungu, Gusti sampun wungu saestu, sampun wungu.

271 Ananging Gusti Wus Wungu

Jagad kang cilaka saya sangsara de tega nyedani Yesus Gusti

nging Yesus wungu yekti ngawonken gung dayaning pati
tyang pracaya gesang tentrem raharja, linuwaran sing pangrehing antaka
tan wedi nekseni Injil kwasaning Gusti.

272 Sang Kristus Wungu Jumeneng Ratu

Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing reh ing pati
nging seksi dora sung warta nglawan bebener sanyata,
Sang Kristus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu.
Sang Kristus wus wungu yekti unggul sing rehing pati
nging tyang kathah memoyoki nglawan Injil warta suci
Sang Kristus sestu wungu, mangkya jumeneng Ratu.

Buktinira gesangnya tyang pracaya urip anyar mbabarna sih tresna
tansah ngundhangken sih rahmating Allah sarta nglantarken berkah mring gung titah,
jagad tentrem raharja sanyata aneng pangrehNya Ratu Adil kang Maha kawasa
Gusti Sang Kristus pinuji tansah, Haleluya.

273 Gusti Wus Wungu

Gusti Yesus wus wungu, puji Allah, Haleluya,
pati kawon saestu, puji Allah, Haleluya,
mbabar gesang sejati, puji Allah, Haleluya,
sumrambah ing sabumi, puji Allah, puji haleluya.

274 Kaluwaran

Luwar, luwar, luwar saking siksa, puja, puja, konjuk Sang Pamarta.
samangke kita merdika wus kawon pangrehing dosa wit Sang Kristus wungu nyata

sigra, sigra den wartakna wrata kabar adya nggih kratoning swarga.
Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja.

275 Punapa Dosanipun Gusti Yesus

Dhuh Yesus Gusti, punapa dosanta, nadyan Masuci nging sinalib seda ?
krana sih tresna Paduka mring kula, Gusti toh nyawa.

276 Yesus, Gusti Wungu Sing Pati

Pepadhanging bumi wiwit nelahi ing dinten minggu adi
pageger muwuhi kuwuring ati tyang Yerusalem nagri
wit kuburing Yesus menga layonnya ilang musna
Yesus yeku Gusti wungu sing pati dadya juru basuki

Wartakna Injilnya kang mbabar tentrem raharja
wujudna sih tresna srana tumindak nyata.

277 Mulada Kayuning Laknat

Minggah ardi Golgota wus lungkrah sriranya,
Yesus kang tanpa dosa sinami durjana
Ilang ajining dhiri, nir pamoring Gusti
Tansah ingewan-ewan, sarta jinemalan
Putreng Allah sejati sinalib ngemasi.
Rahe Yesus kang suci wus nelesi bumi,
nyirnakken sagung dosa, nucekken manungsa
Sang Kristus pegat nyawa, nir kwasaning dosa
Salib kayuning laknat, dyan dados sih rahmat
margi muktining mukti kalis saking pati,
pinuji-puji Allah kang asih mring jagad
Putranya kinurbanken mrih jalma raharja
pinuji-puji Allah kang ngluberken rahmat
tyang kang samya pracaya lulus aneng swarga
Mulada tan kendhat mring kayuning laknat.

278 Gusti Netepi Janji

Taman Getsemane kang sepi, kang dadi seksi
Sang Kristus nglawan prihing galih wit ajrih klawan sedih
tan ana siji rowang kang ngancani mung godhong garing kang tibeng bumi
mangkya wus tumekaning pesthi,
Gusti netepi janji.

279 Kristus Sang Pamarta, Sinalib

Kristus Sang Pamarta siniksa siniya nulya sinalib ing Golgota,
iblis lincak-lincak, setan surak-surak nganggep kwasaning Kristus suwak,
nging yektine Sang Kristus menang, dosa kwasaning iblis ilang
pati, dayaning dosa musna, tyang pracaya gesang sanyata.

280 Pamuji Ing Dinten Mekradipun Gusti

Swawi sami sung pamuji ing dinten adi niki
Gusti sumengka mring swarga nyawisi papan sampurna mring tyang tuhu pracaya.

281 Sang Kristus Sumengka

Wus rampung wus purna pakaryaning Gusti Sang Kristus sumengka dhateng swargi
mring tyang kang pracaya dhawuhira martosken Injilnya sumrambaha

Gusti sumengka yeku panjernya gesang sampurna neng Kraton swarga
tyang tuhu pracaya asih bekti ndherek kamulyannya nunggil Gusti.

282 Undhangna Sang Kristus Jumeneng Raja

Kristus Gusti sumengka mring swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi
nggih martosken Injil sih rahmatnya kang nampenana sinungan begja

bra undhangna Sang Kristus jumeneng Raja kratonira tentrem raharja.

283 Panelangsa Ing Riyadi Mekradan

Dhuh Gusti kang wus sumengka kawula nalangsa
nglirwakken dhawuhing Gusti nekseni Injil sing swargi nresnani sesami

dhuh Gusti nggih Sang Pantara mugi mbelani mring kula
mrih manggiha pangaksama wah gesang anyar nyata.

284 Roh Suci, Rohing Kayekten

Dhuh Roh Suci Roh kayekten maringana kasekten
mrih tyang pracaya nekseni Injil suci sing swargi
sarana tumindak nyata tresna kang trusing driya
temah sagung pepadha sinungan tentrem raharja
tan wonten kasangsaran mung kabegjan sinandhang.

285 Panyuwun Mring Sang Roh Suci

Ing dinten gung Pentekosta kula sung pepuja wit Sang Roh wus nuntun greja mrih lestantunira

Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula mrih martosna Injil suci wradin mring sesami.

286 Pentekosta

Gusti kang satuhu setya sampun paring prajanji
tansah nunggil kagungannya lantaran Sang Roh Suci,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.

287 Panyuwun Ing Dinten Pentekosta

Dhuh Sang Roh Suci ngiyatna mrih kula mursid nyata
nggih bekti mring Sang Pamarta welas asih pepadha

dhuh Gusti Roh Sucinggih andel andel sanyata
tumedhaka jroning ati nganyarken gesang kula
Gusti mugi nganyarken gesang kula.

288 Mbangun Turut Mring Sang Roh Suci

Sang Roh Suci Rohing AIlah kang nucekken manah
nuntun pasrah Sang Pamarta sinungan waluya
yen mejahi rehing dosa kanthi trusing driya
manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga

Kula samya gung kapotangan wit sihing Pangeran
Yogya gesang mursid yekti manut Sang Roh Suci.

289 Nyuwun Panuntuning Roh Suci

Dhuh Gusti Sang Roh Suci mugi rawuh ing ati,
Nganyarna manah kula mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami,
wit panuntun Paduka kula gesang sembada.

290 Pamuji Wit Sang Roh Suci

Sumangga pra kanca ngulukken kidung puja,
wit sih paIimirma sinungken mring manungsa
dene Sang Roh Suci rawuh jroning ati
nggih nganyarken budi nuntun gesang suci.

291 Wit Kwasaning Sang Roh Suci

Sang Roh Suci sung daya ngasorken panggodha
manah semplah wit sisah sestu dados bingah
tyang rinoban pepeteng sinung padhang langgeng
mila ayem ing driya tentrem rarja

wit kwasaning Sang Roh Suci, gesang yekti
tansah begja kalis sing rehing pati.

292 Pamuji Ing Riyadi Pentekosta

Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puji
ing riyadi Pentekosta puniki
Paduka tumedhak lumebet ing driya
mrih kula pracaya Sang Pamarta
Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci.

293 Dhuh Roh Suci Rohing Gesang

Dhuh Roh Suci Rohing gesang
mugi nyagedna mring pasamuwan,
mbabar adil bebener nyata
temah bebrayan tentrem raharja

294 Kababaring Roh Suci

Dhuh Roh suci Rohing katresnan nuntuna mring kula slaminya
mbabarken sih tresnaning Allah mrih jagad tentrem wah raharja
ngrukunken tyang kang memengsahan nuntun mring pitobat tyang dosa
nggegesang tyang semplah ing manah dhuh Gusti nuntuna mring kula.

295 Sang Roh Suci

Sang Roh Suci dedalem ing ati nucekken mrih gesang anyar yekti
mung tansah olah katresnan wah gesang ing kabingahan Sang Roh Suci dedalem ing ati.

296 Krana Roh Suci

Krana Roh Suci dedalem ing ati kula luwar sing pati
gesang sanyata tentrem raharja mangkya sinungken mring kula
ing wusananira manggih tangining raga
kadya Sang Kristus Gusti kang mulya.

297 Wit Sang Roh Suci

Wit Sang Roh Suci kula kasagedna
martosken Injil adi Kraton swarga
wit Sang Roh Suci kula sinung daya
nekseni Yesus Gusti Sang Pamarta.

298 Prayogining Brayat Kang Rukun

Sanyata prayogi wah endah mulya
tyang sagriya rukun pitepangannya,
ngreronce katresnan yekti berkahing Allah tansah ngerobi
lir embun enjing kang anyrambahi, mung kraharjan kang pinanggya.

299 Kabegjaning Brayat

Gusti Allah ingkang Ma'asih wit saking sih rahmatipun
sampun nimbaIi tyang kekalih gesang tansah atut rukun,
tan prayoga lamun ngantos pisah wit saking wangkoting ma nah
nging kekalihnya tunggal ati lung tinulung gesang suci,

Brayat begja wit tinunggil AIlah Sang Rama, Sang Putra wah Sang Roh Suci.

300 Karahayoning Tyang Gegriya

Arahayu sagunging tyang gegriya ingkang tansah rumaket mring Gusti,
mung Gusti, dadya tuking basukinya klayan bingah prentahnya pinundhi
sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas,
rinten ndalu angluhurken asmanya myang sumuyud kalayan trus ing tyas.

301 Pandonga Kangge Panganten

Mugi Gusti mberkahi panganten puniki,
tulus asih sinihan dumugeng delahan.

302 Tangsul Suhing Neningkahan

Tangsul suhing pala krama ingkang sestu santosa,
nggih tresna ingkang sejati tulus sepi ing pamrih,
kados tresnaning Sang Rama dhateng sagunging tyang dosa
myang ngurbanken kang Putra.

303 Janji Panganten

Tangan kekalih salaman tandha manah tunggilan
sinartan janji satuhu tresna tinresnan saestu
salaminya setya tansah jroning bingah dalah sisah
netepi ing kuwajiban tyang utami kang bebrayan.

304 Brayat Kang Nengsemaken Sesami

Brayat kang tinangsulan ing tresna tetales pitados mring Gusti
mesthi ayem tentrem lan raharja, atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih silih asuh tan pamrih
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

305 Brayat Kang Raharja

Kadya Adam lan Kawa kang dedunung neng Pirdus,
ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus
tresnanya murni, gesangnya suci,
rukun setya wah raharja tansah tinunggil Rama 2X

306 Neningkahan Kang Binerkahan Gusti

Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti,
dados brayat kang sinengker ing patunggilanipun Hyang Maha suci,
sembada ing prang rohani, nglawan iblis julig yekti
tumemen ing pandonga, wah nggegilut sabdanya, nggunggung sih rahmate Rama,
mersudi ing kamursid.an miwah gesang masamuwan,
tan laIi dados seksi wah lelados sesami,
mbabar sih tresnaning Gusti.

307 Panganten Kang Binerkahan

Rahayua salaminya panganten kang mangkya binerkahan,
aprajanji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti,

saosa sokur saben wektu kanthi sawutuhing uripmu
ngabektia, leladia, dadia seksining sih rahmatNya.

308 Mring Padalemaning Allah

Sestu nengsemken, dhuh Gusti, kagunganta dalem suci
papan pangabekti piniji nyawa kula sanget kapang
sowan Gusti sesarengan, sung panggunggung aneng pamujan,
manah sumyak mring Pangeran nggih Allah kang mengku gesang.

309 Dalem Pamujan

Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman
Wonten pundi Sang jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan

neng pamujan kapireng swara pujining para pracaya
kang sinalib yeku Sang Kristus jumeneng Juru Panebus.

310 Greja Prasasat Baita

Greja prasasat baita neng tengah samodra
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya
nadyan tan sepi bebaya ombak lan prahara
mesthi tulus kang sinedya gisiking sampurna
angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya
temah sembada widada kalis sing rubeda

Ayo di sedya tulung tinulung tunggal sedya karya aneng Sang Pamarta
ngantos salaminya.

311 Adegipun Greja

Tetalesnya sawiji peparang sejati
nggih Gusti Yesus Kristus kang dados marginya
Adeging salir greja ing tengahing donya
mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad.

312 Patunggilaning Pasamuwan

Yekti nengsemken ing ati
pasamuwan kang nyawiji
tansah lung tinulung silih mbiyantoni
nekseni asmaning Gusti.

313 Papan Pangibadah

Papan pangibadah saestu ngangeni
kawula sami ngabekti ngraosken nunggil lan Gusti
ngluhurken asmanya mirengken sabdanya

mareka, mareka kanthi manah tulus memuji
nampi berkahing Gusti mrih saged mbabarken tresna.

314 Pasamuwan Kang Nyawiji

Pasamuwan kang nyawiji netepi sabdaning Gusti
dadya paseksi sanyata Yesus yeku Sang Pamarta
sih rahmating Allah tumrah mring gung manungsa,
sumrambah saliring tyang kang pracaya, basuki gesangira.

315 Indonesia Negari Kula

Indonesia negari adi kang sestu kula tresnani,
tanah wutah rah nggih tanah pusaka paringing Allah Sang Rama,
wus mesthi tansah kula labuhi klayan eklas trusing ati.

316 Pamuji Sokur Awit Kamardikan

Atusan taun kawula jinajah,
nging samangkya kula wus merdika,
sestu niku mung sih rahmating Allah
lantaran perjuangan kula sabangsa

agung sihing Allah Hyang Maluhur,
swawi kanca tansah saos sokur
kanthi giyat tumemen makarya
mrih raharja lahir lan batin kita.

317 Indonesia Nagri Endah

Indonesia nagri endah peparing ing Yehuwah
mila kula dongakaken mrih raharja wah tentrem.

318 Tresna Mring Sesami

Tresna mring sesami kang trusing manah
wit salir sesami citreng Allah
yeku wujudira tresna mring negari
nglabuhi mring bangsa mrih lestari.

319 Endahe Saduluran

Endahe saduluran manut rehing Pangeran,
sami dene ngajeni, wah mbiyantoni
nadyan beda agama wah beda golongannya
tunggal rasa pambekan pri kamanungsan,

kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja

320 Gusti Mesthi Prapta, Maranatha

Kawula ngantya nagri swarga nagrining kasampurnan nyata
nunggil Gusti ing kamulyannya wus lali prihatin ing donya

Neng nagri sampurna kita langgeng tentrem raharja
Neng nagri sampurna mung tansah memuji memuja.

321 Ngantya Nagri Sampurna

Sang Kristus wus mesthi prapta jumeneng Hakim nyata
ngadili sagung manungsa ing dinten akhir mangkya
tyang kang tresna mring sesami ajrih asih mring Gusti
kepareng mlebet ing swargi ing kasampurnan yekti.

322 Gusti Rawuh Ngadili

Sang Kristus Gusti wus badhe prapta angadili gung manungsa
tyang duraka mindhak durakanya de pituwase nraka
tyang mursid mindhaka mursid yekti nucekken gesang manut mring Gusti
yeku kang ndherek Gusti mring swarga nunggil ing kamulyannya.

323 Sareh Ngantya Bujana Swarga

Langit lan bumi kang anyar nulya enggal binabar
wus tan wonten kasangsaran mung langgeng ing kraharjan

den sareha tyang pracaya ngantya bujana swarga
kita nunggil Sang Pamarta nunggil ing kamulyannya.

324 Wonten Ing Swarga

Wonten ing swarga saiba nengsemna
tyang gesang nyata kanthi sampurna
ngriki gung ribed sedhih sangsaranya
ngrika gung ayem tentrem sayekti (2X).

325 Kangen Mring Gusti

Aku kangen mring Gustiku kang tansah dak antya rawuhnya
mulung tyang pracaya satuhu wah sumuyud tulus ing driya

Gustiku neng swarga aku kangen mring Gustiku,
Gustiku, Gustiku kang kwasa ing bumi dalah ing swarga.

326 Kori Ingkang Menga

Kula sumrep kori menga kang anjog dhateng swarga
yeku sih rahmate Allah lantaran Sang Pamarta

Sokur dene kula niki nggih taksih winengan kori
kula, kula, nggih kula sadaya.

327 Panduman Kula Kamulyan Swarga

Kawula angantya kanthi sabar Yerusalem kang anyar
nggih padaleman suci sanyata yeku kratoning swarga

sestu kula begja sestu kula begja
krana pananggeling Sang Pamarta panduman kula kamulyan swarga

328 Nagrinipun Gusti

Wonten nagri maha adya
yeku kraton swarga
saliring panandhang sirna
mung tentrem raharja
sinandhang sampurna

Nagri niku nagrinipun Gusti
nagri niku nagrining tyang pracaya wah mursid

329 Raharjaning Tyang Setya Mring Gusti

Sestu raharjanira tyang setya mring Gusti
tansah olah katresnan lir tresna wiwit an
mung tyang tuhu sembada sinungan makutha
gesang langgeng ing swarga nunggil lan Gustinya

330 Pangadilan Pungkasan

Sang Kristus Gusti badhe rawuh ngadili
langit lan bumi gya malih dadya swargi
Kratoning Allah nggih binabar sampurna
iblis dosa mangkya sirna

Sestu rarja yekti
tyang kang dugeng janji
ing patunggilannya Sang Pamarta
nunggil Gusti aneng kamulyan ing swargi.

331 Sang Kristus Rawuh Ngadili

Sang Kristus rawuh ngadili mring tyang salumahing bumi
kawiyak sagung wewadi ing ngarsaning Gusti
tyang mursal nggih kawistara tyang mursid katitik nyata
saliring tyang kaadilan manut pandamelnya

mung tyang welas asih klayan trusing driya mring tyang ringkih lan papa
yekti tyang tresna sestu mring Kristus Gusti kepareng mlebet swargi

332 Maranatha

Maranatha, maranatha, dhuh Gusti mugi prapta
tyang kang menang nglawan dosa tansah manteb ing pracaya
nampi ganjaran sing Gusti wohing wit panguripan
ing taman Pirdus yekti.

333 Gumantosing Warsa

Gantosing wulan lan warsi sung berkah enggal sing Gusti,
yogya kula samya loma misungsung kang trusing driya.

334 Pamuji Warsi Anyar

Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti
sajroning warsi lami kita rineksa sing pati
nadyan tinempuh panggodha nging mantep pracaya,
wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki

335 Panyuwun Ing Warsa Enggal

Dhuh Gusti kula ngakeni kanthi tulusing ati,
dosa kang kula lampahi salebeting warsi lami,
Gusti mugi angaksama, mrih kula ayem nyata.

336 Gusti Kang Nganthi

Mangsa mesthi silih gumanti, wanci rina ganti ratri,
swau kita tetunggilan samangkya kita pepisahan,

Gusti kang nganthi, Gusti kang nganthi, temah kita tansah basuki,
Gusti kang ngreksa, Gusti kang ngreksa, temah kita tansah raharja.

337 Kasanggeman Ing Warsa Enggal

Siyang dalasan ratri silih gumanti
tan ana kang langgeng ing bumi,
mung sih katresnaning Allah kang Makwasa
lan katresnanira kang langgeng nyata.

338 Warsa Enggal

Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami,
gya napaki panjangnya warsi enggal puniki,
nadyan tan saged ndugi momotan myang kabegjan,
wit sih rahmate Gusti kita samya basuki

339 Pamuji Bebukaning Pangabekti

Mugi sih rahmating Gusti lan sihing Sang Rama,
wah panunggiling Roh Suci tumraha ing kawula,
Amin.

340 Pambukaning Pangibadah

Mugi sih rahmating Gusti lan sihing Sang Rama,
wah patunggilaning Sang Roh Suci, tumraha ing kula,
nggih kula sadaya,
Amin, Amin, Amin

341 Pamuji Bakda Winulang

Haleluya, puji sarta sokur wah sembah kaurmatan,
kaunjukna mring kang Maha luhur, dening gung pasamuwan,
sihe Allah Rama lumuntura wah sihing Gusti tumrah mring kula,
Roh Suci anunggila ing salami-laminya.

342 Pamuji Panutuping Pangabekti

Sih rahmat tentrem rahayu sing Gusti, saha sihing Rama,
tuwin patunggilane Sang Roh Suci,
tumraha mring kula sadaya Amin.

343 Purnaning Pangabekti

Pinujia nggih Allah Sang Rama wah Sang Putra lan Roh Suci
purna pangabekti aneng greja ngrasuk gesang saben ari

payo nindakna kang trusing ati sabdaning Gusti Sung gesang yekti
sinartan dening berkahing Gusti sung sih rahmat mring sesami.

344 Sih Rahmat

Mugi sih rahmate Gusti
lan sihe Allah Sang Rama
wah panunggile Roh Suci
tumrah ing kawula
Amin.

345 Tentrem Raharja

Tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita
tentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita.