KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 303 - Janji Panganten

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 302 KPK 304 ⇨

KPKA303: Janji Panganten

1

Tangan kekalih salaman tandha manah tunggilan
sinartan janji satuhu tresna tinresnan saestu
salaminya setya tansah jroning bingah dalah sisah
netepi ing kuwajiban tyang utami kang bebrayan.

2

Janji mesthi den tetepi wit Gusti wus ngidini,
kinekahken, binerkahan sineksenan pasamuwan,
nedya tansah gesang suci srana mbangun turut Gusti,
temahan brayat raharja wah pasamuwan ngrembaka.

3

Kalpika kencana adi tengering janji yekti,
pinasang ing driji manis batos ngunandika aris,
sakethi margane tresna nging yektine mung sajuga,
sira iku memanisku lenging tresna mung sliramu.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Janji Panganten


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 303 - Janji Panganten