KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 169 - Sumarah Mring Allah

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 168 KPK 170 ⇨

KPKA169: Sumarah Mring Allah

1

Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja
yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran.

2

Sumarah mring Allah jiwa raga, mbangun turut Gusti trusing ati,
yen ginoda dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya.

3

Sumarah mring Allah jiwa raga, rinoban ing berkah ayem nyata,
yen nyanggi momotan dalasan panandhang, mesthi den tuwari dening Gusti.

4

Sumarah mring Allah jiwa raga, rinimat, rineksa ing sih mirma,
yen ingarah pati wit bebener yekti, manteb dugeng janji Gusti nganthi.

4

Sumarah mring Allah jiwa raga, tinuntun ing sabda dugeng swarga,
yen wonten bilai wah miris ing ati, sinung lipur yekti sing Roh Suci.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Sumarah Mring Allah


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 169 - Sumarah Mring Allah