Kidung Pasamuan Kristen Anyar 114

Dari Kidung
Revisi sejak 3 Desember 2014 09.53 oleh Kidung (bicara | kontrib) (1 revisi)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

KPKA114: Aja Semaya

1

Nikmating donya nggodha ati mikat kita dimen nebih Gusti
lan kabeh iku tan nguripi nging nggendeng kita mring telenging pati

Reff:

Ja semaya, umareka, umareka ya saiki uga,
lah Gusti wus ngantya mring sira pangayomanmu kang tuhu setya

2

Mara mbuwanga sengsemira, kang isi panyidra myang pamblasar,
ninggala dosa lan duraka, ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar,
Reff:

3

Marek mring Gusti ja suwala, nganggo sinemayan sesuk emben,
praptaning pati tan kenyana, mula gya marek ja nganti kalungsen,
ReJr.

Cari videonya:
Aja Semaya