Kidung Pasamuan Kristen Anyar 46

Dari Kidung
Revisi sejak 1 Desember 2014 11.28 oleh Kidung (bicara | kontrib)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

KPKA46: Panelangsa

1

Wit sing kathah dosa kula mila tansah kemengan
Gusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan.

2

Mugi karsa angaksama ing klepatan kawula,
tyas kula mugi dadosa padaleman Paduka.

3

Gusti kang kula ndelaken, mugi nuntun mring kula,
kula badhe ngestokaken ing sakarsa Paduka.

4

Kula mboten purun malih karya sekel Paduka,
badhe tansah tuhu setya, tresna ing salaminya.

Cari videonya:
Panelangsa