KPKA289

Dari Kidung
Revisi sejak 1 Desember 2014 11.28 oleh Kidung (bicara | kontrib)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

KPKA289: Nyuwun Panuntuning Roh Suci

1

Dhuh Gusti Sang Roh Suci mugi rawuh ing ati,
Nganyarna manah kula mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami,
wit panuntun Paduka kula gesang sembada.

2

Dhuh Roh Suci, Roh Allah, nggih nyantosakna manah,
lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah,
manggul salib wit Gusti martosken Injil suci,
wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.

3

Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tutus,
andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang,
temah tentrem raharja, sumrambah mring pepadha,
wit panuntun paduka, kula gesang sembada.

Cari videonya:
Nyuwun Panuntuning Roh Suci