Kidung Pasamuan Kristen Anyar 77: Perbedaan antara revisi

Dari Kidung
Tidak ada ringkasan suntingan
 
k 1 revisi
 
(Tidak ada perbedaan)

Revisi terkini sejak 3 Desember 2014 09.53

KPKA77: Ing Paprentahaning Allah

1

Ing paprentahaning Allah sadaya nengsemken,
Para titah samya rukun nilar pasulayan
sami dene angaosi migatosken liyan,
supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran

Reff:

Sumangga gumregut makarya, kagem Gusti dados srana
mrih tentrem rahayu kang sejati binabar aneng bumi.

2

Makaten kaanan donya yen kebekan sihnya,
tan ana sedya miala lan panggawe cidra,
wit karoban kawruh yekti tepang Hyang Masuci
kadya dhasaring samodra sinasaban toya,
Reff:

3

Kadya singa lan menjangan sami gegojegan,
mantun denya memengsahan mlegung sesarengan,
sami memitran saestu tresnanya satuhu,
wit pangrehing Hyang Makwasa lumintu makarya.
Reff:

Cari videonya:
Ing Paprentahaning Allah