Kidung Pasamuan Kristen Anyar 62: Perbedaan antara revisi

Dari Kidung
Tidak ada ringkasan suntingan
 
k 1 revisi
 
(Tidak ada perbedaan)

Revisi terkini sejak 3 Desember 2014 09.53

KPKA62: Karahayoning Tyang Mursid

1

Rahayu wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah
ramenggawe sepi pamrih kasengsem sabdeng Allah
wong bener wah ngabektti slamanya den berkahi lan turune lestari.

2

Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan, kautamane slamanya tanggon ing karupekan, yen pepeteng nglimputi gya pepadhang nelahi wit tinunggil ing Gusti.

3

Wong loma sinung kabegjan slamanya kinasihan, wong jujur tulus ing lampah sinebut-sebut tansah, mring Wang drengki tan wedi nging pracaya mring Gusti rineksa ing Hyang Widi.

4

Wong awatak welas asih mring kang miskin wah ringkih, kanggonan kamulyan yekti
nggih kamulyaning budi, wong duraka mung meri ngangah-angah ing pati, pituwase bilai.

Cari videonya:
Karahayoning Tyang Mursid