Kidung Pasamuan Kristen Anyar 56: Perbedaan antara revisi

Dari Kidung
Tidak ada ringkasan suntingan
 
k 1 revisi
 
(Tidak ada perbedaan)

Revisi terkini sejak 3 Desember 2014 09.53

KPKA56: Karahayone Wong Mursid

1

Rahayu wong kang mursid lampahnya nyingkur pangangene wong duraka
lan ora ngambah dalane wong dosa ora wor lungguh ing pajagongane,
nanging karem mring sabdaning Allah rina wengi den gilut ing manah.

2

Kaanane wong iku kaya wit, kang tinandur sapinggiring kali,
kang mesthi awoh ing titi mangsane, lan godhonge tan nate alum gogrog,
ingambaha reribed ngrepoti, tansah lestari kang den lampahi.

3

Tan mengkono mungguh wong duraka, nanging lir mrambut kabur ing angin,
ora bisa lulus ing pangadilan, lan ing pasamuwane para mursid,
wong mursid rineksa ing Pangeran, wong ala tumibeng karusakan.

Cari videonya:
Karahayone Wong Mursid