KPKA 16: Perbedaan antara revisi

Dari Kidung
Tidak ada ringkasan suntingan
 
k 1 revisi
 
(Tidak ada perbedaan)

Revisi terkini sejak 3 Desember 2014 09.19

KPKA16: Puji Mring Allah Kang Maha Wisesa

1

Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa
muji ramya binarung lan sawernining gangsa
pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.

2

Puji mring Allah kang sestu adil pangrehira,
ngreksa lan ngrimati srana lubering berkahnya,
nging saklangkung gung sihnya mring tyang dosa, tinebus temah waluya.

3

Puji mring Allah kang sung tentrem raharja nyata,
tansah ngganjar begja mring tyang kang sestu pracaya,
andel-andel wah pepadhang satuhu, pujinen lan trusing kalbu.

Cari videonya:
Puji Mring Allah Kang Maha Wisesa