KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 50 - Kula Keduwung

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 49 KPK 51 ⇨

KPKA50: Kula Keduwung

1

Saestu keduwung kula dene kirang setya
dhinawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sami,
nging tan ana buk ti adhuh Gusti nyuwun suci.

2

Saestu keduwung kula de gesang mung nglaha,
kelu pangwasaning dosa mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci.

3

Saestu keduwung kula de ndlarung ing dosa,
nadyan rinoban sih rahmat nging datan enggal mratobat,
mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci.

4

Saestu keduwung kula nglirwakken kwajiban,
mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan,
tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci.

4

Saestu keduwung kula lamun dugeng janji,
gesang kula tan sembada nilar citraning Sang Rama,
mesthi den bendoni, adhuh Gusti nyuwun suci.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Kula Keduwung


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 50 - Kula Keduwung