KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 311 - Adegipun Greja

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 310 KPK 312 ⇨

KPKA311: Adegipun Greja

1

Tetalesnya sawiji peparang sejati
nggih Gusti Yesus Kristus kang dados marginya
Adeging salir greja ing tengahing donya
mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad.

2

Greja tampi timbalan angabdi mring Gusti,
mrih sami tetunggilan wah dados paseksi,
lelados mring sesami tresnanya tan kendhat,
dadya sareming bumi wah padhanging jagad.

3

Nadyan beda wujudnya yektine sajuga,
tunggal baptis lan Gusti pindha badan siji,
tunggila kang sinedya myang sagung panjangka,
mrih kebabar yen Yesus Sang Juru Panebus.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Adegipun Greja


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 311 - Adegipun Greja