KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 308 - Mring Padalemaning Allah

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 307 KPK 309 ⇨

KPKA308: Mring Padalemaning Allah

1

Sestu nengsemken, dhuh Gusti, kagunganta dalem suci
papan pangabekti piniji nyawa kula sanget kapang
sowan Gusti sesarengan, sung panggunggung aneng pamujan,
manah sumyak mring Pangeran nggih Allah kang mengku gesang.

2

Kang tansah memuji Gusti wah manggen ing dalem suci,
yeku tyang rahayu ing ati, tyang kang tansah kangen Allah
karosannya neng Yehuwah, tan wigih kangelan ngibadah
yen kasatan jroning mlampah rinoban jawahing berkah.

3

Sadinten ing dalem suci sestu saklangkung utami
timbang papan sanes ing bumi langkung prayogi ngibadah
timbang ngrojongi tyang mblunthah wit Yehuwah yeku sesurya
wah tamenging tyang pracaya tyang kang tan cacad lampahnya.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Mring Padalemaning Allah


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 308 - Mring Padalemaning Allah