KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 266 - Sihe Allah

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 265 KPK 267 ⇨

KPKA266: Sihe Allah

1

Wit Allah asih manungsa, masrahken Putranira
dados kurban kang sampurna sinalib dugeng seda,
sih rahmat kang lelahanan nylametken babar pisan
angger tyang purun pracaya luwar sing pati ing nraka
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

2

Punika sih kang ngeramken yogya dipun tampeni,
tyang dosa karukunaken manjing putreng Hyang Widi,
gung dosanya ingaksama sinantunan budinya,
nilar pratingkah nistha nglampahi pakarti mulya,
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

3

Punika sih ingkang nyata wit Allah tansah setya,
lamun tyang nilar sih rahmat tinuntun mring pitobat,
dimen tansah gesang suci ngarah ingkang utami,
nggih'kasampurnan ing swargi langgeng tunggil klayan Gusti,
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

4

Punika sih kang sejati nggih sihe Allah Rama,
nitahken gesang sejati tansah mbabarken tresna,
tetulung sepi ing pamrih ngaksama trusing galih,
tansah ngarah ing kraharjan wonten ing gesang bebrayan,
Allah asih manungsa pinujia slaminya.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Sihe Allah


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 266 - Sihe Allah