KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 249 - Gusti Yesus Sinalib

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 248 KPK 250 ⇨

KPKA249: Gusti Yesus Sinalib

1

Gusti Yesus sinalib, sinrahken Allah priyangngga,
karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning jagad.

2

Gusti Yesus sinalib sinami lan tiyang dosa,
nging yektine dosa duraka kita sinanggi ing sriranya.

3

Gusti Yesus sinalib ngurbanken srira pribadya,
mrih manungsa rukun klayan Sang Rama temah gesang raharja.

4

Gusti Yesus sinalib nyirnakken kwasaning dosa,
marginira rukuning sagung jalma tan mawang liyan bangsa.

4

Gusti Yesus sinalib nyirnakken dayaning pati,
tyang pracaya tinuntun gesang suci wah tresna trusing ati.

4

Gusti Yesus sinalib nepangken jagad lan swarga,
mrih pra jalma manjing putraning Allah dados margining berkah,

4

Gusti Yesus sinalib wit sing gunging sih tresnane,
prayogane kita ndherek tindaknya mbangun turut Sang Rama.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Gusti Yesus Sinalib


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 249 - Gusti Yesus Sinalib