Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 248 - Sangsaraning Gusti

Dari Kidung
Navigasi lagu:
<htmlet>kpka</htmlet>

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


KPKA248: Sangsaraning Gusti

1

Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu
nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru
ingukum kisas nggegirisi tan kendat siniya
jinemalan lajeng kasalib anemahi seda.

2

Sanadyan Gusti tanpa dosa nglampahi pinenthang,
nggenNya ngrembat dosaning jagad tumanduk salir tyang,
nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya,
karsanya nebus tiyang kathah nggih kula sadaya.

3

Gusti sinalib ambabarken sihe Allah Rama
ingkang Putra den tegakaken mrih kraharjan kula,
saiba sih piwlase Allah dhateng tiyang dosa,
sami pinaringan apura lantaran kang Putra.

4

Sinalibing Gusti ngosikken tyas kula sadaya,
ngraosaken labuh labetnya anombokken nyawa,
sestu kula rumaos begja tampi katresnannya,
prayogi yen kula wangsuli pitados wah bekti.

Cari videonya:
Sangsaraning Gusti


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 248 - Sangsaraning Gusti