Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 240 - Pamuji Ing Dinten Natal

Dari Kidung
Navigasi lagu:
<htmlet>kpka</htmlet>

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 239 KPK 241 ⇨

KPKA240: Pamuji Ing Dinten Natal

1

Pamuji mring Gusti kang trusing ati
ing dinten riyadi natal puniki
prihatosing driya ginantos bingah,
kuwatosing donya sirna wit berkah.

2

Pamuji tan kendhat mring Kang Murbengrat,
kang paring sih rahmat tumrah mring jagad,
nggesangken tyang semplah mrih nglawan pati,
ngiyatken tyang lungkrah mrih gesang suci.

3

Pepujen panggunggung konjuk Kang Magung,
kang ngutus Sang Putra dadya Pamarta,
nucekken manungsa sung gesang yekti,
nuntun tyang pracaya setya ngabekti.

4

Pepujen kang tulus konjuk Sang Kristus,
sing dhamparing swarga tedhak manjalma,
nuladhani kita wah sagung titah,
nandukken sih tresna dalah mring mengsah.

Cari videonya:
Pamuji Ing Dinten Natal


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 240 - Pamuji Ing Dinten Natal