KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 23 - Tansah Saos Sokur Mring Gusti

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
Navigasi lagu:

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 22 KPK 24 ⇨

KPKA23: Tansah Saos Sokur Mring Gusti

1

Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi,
sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi,
abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya,
wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.

2

Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbeng rat,
wanci enjing surya sumunar mulyaning alam ginelar,
tetuwuhan mawarni-warni wah kewan ngebaki bumi,
sing tilem ngaso kula tangi nindakken karsaning Gusti.

3

Kula ngluhurken mring Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan,
ing dalu peteng lelimengan wah abyor lintang rembulan,
kula tilem ngaso myang lena nging astane Gusti ngreksa,
kula mesthi manggih wilujeng wah ing manah ayem tentrem.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Tansah Saos Sokur Mring Gusti


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 23 - Tansah Saos Sokur Mring Gusti