Kidung Pasamuan Kristen Anyar (KPKA) 143 - Mung Tansah Pasrah Mring Gusti

Dari Kidung
Navigasi lagu:
<htmlet>kpka</htmlet>

⇦ Kembali ke Kidung Pasamuan Kristen Anyar


⇦ KPK 142 KPK 144 ⇨

KPKA143: Mung Tansah Pasrah Mring Gusti

1

Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka
mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya
manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya
tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata.

2

Aku asring tan mangerti karseng Allah Makwasa,
donga panyuwuning ati tan kajurungan nulya,
nging yektine Gusti nganthi astanya tansah ngreksa,
wit panuntuning Roh Suci kasoran rehing dosa.

3

Nasibku ing rehing Gusti tan ana pangreh liya,
kasarasan lan rejeki imbuhing sih nugraha,
rancangan tinata tliti pratandhaning pracaya,
aku tan kwatir tan wedi mung begja kang pinanggya.

Cari videonya:
Mung Tansah Pasrah Mring Gusti


Syair / lirik bahasa Indonesia Kidung Pasamuan Kristen Anyar 143 - Mung Tansah Pasrah Mring Gusti