1
|
Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya
pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.
|
|
2
|
Dhuh Allah Makwasa kanthi trusing driya, kawula nlangsani dosa,
mugi angapunten sarta nucekaken, temah gesang kula ayem,
pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta.
|
3
|
Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah,
nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati,
pinuji Roh Suci kang ngenggalken budi, nilar gesang lami.
|
4
|
Dhuh Allah Maluhur kula saos sokur dalah pisungsung kang katur,
bandha sarta badan miwah kasagedan, dadosa kurban kang gesang,
pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng gusti.
|