Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
pinujia asmanya dalah aneng akasa,
wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan ing bumi.
2
Linuhuma Hyang Agung klayan sagunging kidung,
binarung salir gangsa wah kang ngungelken swara,
geguritan dalah beksa makluk kang darbe nyawa,
ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haleluya