KPKA 245

Dari Kidung

KPKA245: Sang Ratu Swarga Prapta

1

Kanca suraka agiyaka Sang Ratu swarga mangkya prapta
ngluwar kula sing bebandan salir kasusahan ing driya
mangkya dadya pamuji suka wit sang Putra sampun prapta

2

Samangkya swarga wus binuka jatining tresna binabarna
de Allah ngesorken srira Sang Pamarta tedhak mring donya
wah manjalma sami tyang papa nylametken sagung manungsa.

3

Pepadhanging jagad wus prapta sung sih rahmat mring pra manungsa
dimen samya wilujenga Kang Makwasa ngesorken srira
paring tuladha mring manungsa olah tresna trusing driya.

Cari videonya:
Sang Ratu Swarga Prapta