1
|
Endahe saduluran manut rehing Pangeran,
sami dene ngajeni, wah mbiyantoni
nadyan beda agama wah beda golongannya
tunggal rasa pambekan pri kamanungsan,
|
|
Reff:
|
kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem raharja
|
2
|
Rukun ing pitepangan sumanak ing rembugan,
dhemen sung pangapura nyirik piala,
nging samya silih ngalah mbabarken tresna tansah,
nulad ing sihe Allah mring sagung titah,
Reff:
|
3
|
Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira,
ngestokna sabdeng Gusti tresna sesami,
nadyan panemu beda nging tan samya sulaya,
olah kawicaksanan tan nang-menangan,
Reff:
|