KPKA171

Dari Kidung

KPKA171: Utusaning Gusti

1

Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang sulayah
awrat ing panandhang mila nggresah samya semplah ing manah

Reff:

sumangga Gusti ngagem kawula mbabar tresna kang sanyata
sumangga Gusti ngutus kula numrahken berkah dhateng tyang kathah.

2

Angundhangken sih rahmating Gusti lelabet wah leladi,
margining tyang luwar sing sangsara temah samya raharja,
Reff:

3

Ngundhangken Injil kratoning swarga klayan tumindak nyata,
pangluwaran sing kwasaning dosa temah gesang sembada,
Reff:

Cari videonya:
Utusaning Gusti