KPKA 207

Dari Kidung

KPKA207: Nyaosken Yoga

1

Gusti nimbali pra lare mrih sowan mesthi binerkahan sinung kraharjan
de pra lare kang tuhu ing pracaya yeku ingkang darbe Kratoning swarga

Reff:

dhuh Gusti samangkya sowan kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka.

2

Gusti nimbali pra lare mrih sowan nggih samya dados putraning prasetyan
de pra tyang sepuh kedah nggulawenthah nenuntun lare karem sabdeng Allah
Reff:

3

Gusti nimbali pra lare mrih sowan dados gegelitaning pasamuwan
leladi mrih greja tuwuh ngrembaka wah bebrayan tansah tentrem raharja
Reff:

Cari videonya:
Nyaosken Yoga