Kidung Pasamuan Kristen Anyar 108

Dari Kidung
Revisi sejak 3 Desember 2014 09.53 oleh Kidung (bicara | kontrib) (1 revisi)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

KPKA108: Gusti Mugi Nunggil Mring Kula

1

Dhuh Gusti mugi nunggil mring kula
Yen ta kesaput peteng ing ratri
nggih namung Gusti kang mitulungi
sumangga Gusti nunggil mring kula.

2

Gesang kula wah aruming nama
kadya samodra surut lan sirna
ewah gingsir sabarang neng donya
nging Paduka tansah nunggil kula.

3

Gusti yeku peparang gendholan
pikekah jroning gung karibedan
tetameng kula ingkang santosa
nggih Gusti mugi nunggil mring kula.

Cari videonya:
Gusti Mugi Nunggil Mring Kula