KPKA17

Dari Kidung
Revisi sejak 3 Desember 2014 09.51 oleh Kidung (bicara | kontrib) (1 revisi)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

KPKA17: Pamuji Konjuk Mring Allah

1

Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya
wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga
nenanem panenan uga alam runtut tinata.

2

Pinuji Allah Sang Putra kang nylametken gung manungsa
paring tentrem raharja sumrambah pra makluk wrata
luwar sing pangrehing dosa dadya Pirdus sadonya.

3

Pinujia Sang Roh Suci yeku kang nganyarken ati
temah mursid sayekti nggih rukun klayan sesami
wah asih mring alam ugi bawana ayu edi.

4

Dhuh Rama, Putra, Roh Suci tetiga tunggil Hyang Widi
pinujia pinundhi samukawisnya sampurna
krana pakaryan Paduka Dhuh Gusti "maranatha".

Cari videonya:
Pamuji Konjuk Mring Allah