KPKA318

Dari Kidung
Revisi sejak 1 Desember 2014 11.28 oleh Kidung (bicara | kontrib)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

KPKA318: Tresna Mring Sesami

1

Tresna mring sesami kang trusing manah
wit salir sesami citreng Allah
yeku wujudira tresna mring negari
nglabuhi mring bangsa mrih lestari.

2

Tresna mring sesami tan mawang tiyang
nulad sihing Gusti murbeng gesang,
ngudi dhemokrasi klayan trusing ati
bentening ngasanes den aosi.

3

Tresna mring sesami ing tindak nyata
mrih tresnaning Gusti tumrah wrata,
hak azasi manungsa binabar yekti
adil wah bebener den belani.

Cari videonya:
Tresna Mring Sesami