KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar 79

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
k (1 revisi)
 

Revisi terkini pada 09:53, 3 Desember 2014

KPKA79: Pracaya Lan Pasraha

1

Pracaya lan pasraha mring Allah Ma kwasa,
Gunging prihatinira ginantosan begja,
yekti pilihing margi Pangeran mberkahi,
lan sira kaeraman wit gunging kadarman.

2

Lamun sira nggresula yekti tanpa guna,
ati kabidhung susah pepeteng sumrambah,
ngetunga gunging berkah sarta mukjijadnya,
dalah prakara lumrah dadya marginira.

3

Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti,
sira tan darbe kwasa nata umurira,
mung tansah mbudidaya sinartan ndedonga,
sumendhe mring Pangeran wah ngambah pepadhang.

4

Lamun nyangga momotan ingancam bebaya,
ngungsia mring Pangeran ywa semplah ing driya,
sira rineksa Gusti mrih datan bilai,
tan sande linuwaran wah sinung kraharjan.

4

Yen praharaning gesang silih nempuh tansah,
klayan takat linawan wah nenga mring Allah,
Gusti nunggil tan kendhat lan ngganjar sih rahmat,
temah manteb pracaya ing slami-laminya.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Pracaya Lan Pasraha