KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

Kidung Pasamuan Kristen Anyar 29

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
k (1 revisi)
 

Revisi terkini pada 09:53, 3 Desember 2014

KPKA29: Kamulyanipun Gusti

1

Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing akasa ku la ngungun gunging kamulyanta

Reff:

nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha kwasa.

2

Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi kekidungan ramya,
wonten ngare dalah ing ardi ugi, bra gumelar sesawangan adi,
Reff:

3

Yen siniram ilining samirana wah tinempuh ombaking samodra,,
ngganda sekar kang arum miwah endah manah ngungun wit gunging pra titah
Reff:

4

Klangkung ageng gunging sih susetyanta, kang ngurbanken Sang Kristus, Sang Putra,
sinalibken, seda tedhak mring nraka, mrih manungsa basuki slaminya
Reff:

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Kamulyanipun Gusti