KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

KPKA306

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
k (1 revisi)
 

Revisi terkini pada 09:52, 3 Desember 2014

KPKA306: Neningkahan Kang Binerkahan Gusti

1

Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti,
dados brayat kang sinengker ing patunggilanipun Hyang Maha suci,
sembada ing prang rohani, nglawan iblis julig yekti
tumemen ing pandonga, wah nggegilut sabdanya, nggunggung sih rahmate Rama,
mersudi ing kamursid.an miwah gesang masamuwan,
tan laIi dados seksi wah lelados sesami,
mbabar sih tresnaning Gusti.

2

Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti,
brayatira sami sinengker wit prasetyan tinandhan baptis suci
kanthi temen denya merdi srana nuntun nuladhani,
dimen sregep ngabekti, ndedonga lan memuji, tansah setya dugeng janji,
kanthi tegen nggulawenthah dimen dadya putreng Allah
kinasihan ing Rama tinresnan ing sesama
watek pradhah lembah manah.

3

Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti,
tinimbalan ambabarken rawuhnya, Kratoning Allah ing bumi,
sayuk rukun ing bebrayan nyirik dredah pasulayan,
nging tresna kanthi tulus manut prentahing Kristus, ngarah donya kadya Firdus
kanthi temen ing pambudi memayu ayuning bumi
ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa
wah tut wuri handayani.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Neningkahan Kang Binerkahan Gusti
Diperoleh dari "https://kidung.co/KPKA306"