KIDUNG
.co
christian
online
Kidung

KPKA300

Dari Kidung

Langsung ke: navigasi, cari
k (1 revisi)
 

Revisi terkini pada 09:52, 3 Desember 2014

KPKA300: Karahayoning Tyang Gegriya

1

Arahayu sagunging tyang gegriya ingkang tansah rumaket mring Gusti,
mung Gusti, dadya tuking basukinya klayan bingah prentahnya pinundhi
sekakapti anilingken sabdanya, angabekti Allah klayan eklas,
rinten ndalu angluhurken asmanya myang sumuyud kalayan trus ing tyas.

2

Arahayu sagunging tyang semahan, ingkang nunggil tresnanya mring Gusti, runtang runtung denira sih sinihan, klayan, saekapraya lan budi,
tansah migatosken sabdaning Allah, sarta memuji ngluhurken Gusti,
mantep ing pitados kang trusing manah, saha setya dumugi ing janji.

3

Arahayu sagung tyang neningkahan, kang tan nglirwakken prentahing Gusti, nggulawenthah brayat klayan kasetyan, mrih sami tulus ing pangabekti,
saha tansah sami sareng ndedonga, sabiyantu ing bot repotira,
anebihi bebaya cecongkrahan, lestantun sami manggih kraharjan.

4

Arahayu sagung tyang bebrayatan, kang tansah saos sokur mring Gusti,
nadyan bingah utawi nandhang sisah, nggih namung Gusti kang den bekteni, tansah nggatosken dhawuhing Hyang Widi, dados dilah wah sareming bumi
nandukken sih katresnan mring sesami, mrih salumahing bumi basuki.

Redhat-sound video.png
Cari videonya:
Karahayoning Tyang Gegriya
Diperoleh dari "https://kidung.co/KPKA300"