KPKA 159

Dari Kidung
Revisi sejak 3 Desember 2014 09.19 oleh Kidung (bicara | kontrib) (1 revisi)
(beda) ← Revisi sebelumnya | Revisi terkini (beda) | Revisi selanjutnya → (beda)

KPKA159: Sang Kristus Maasih

1

Lamun sira sangsara krana rehing dosa
yogya pasrah. mring Gusti dyan linuwaran yekti,

Reff:

Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih
ywa mamang ngayoma temah sira tentrem raharja.

2

Yen sira kamomotan kabotan sesanggan,
yogya ngungsi mring Gusti mesthi den pitulungi,
Reff:

3

Yen sira karupekan siningkang ing kadang,
rumaketa mring Gusti mrih tan semplah ing ati,
Reff:

4

Yen sira kasusahan rinoban panandhang,
sumendhea mring Gusti sira mesthi kinanthi,
Reff:

Cari videonya:
Sang Kristus Maasih